Obral Surga

Obral Surga "kang.. Rika maca berita ning hp ora kang babagan salah sawijine timses calon presiden ning republik selpi jerene adong nyumbang limang juta bisa mlebu surga.." Kang waud takon maring kang abid "Maca kang waud.. priwe sih..? rika arep nyumbang apa kang..?" Kang abid semaur "He he he.. Ngrasakna nggo nyumbang capres nggo nempur bae wis karuan..!! njaluk sumbangan koh maring pengiyongan wong cilik apa ora kewalik kue..?" Kang waud semaur mbari takon "Lah kewalik primen.. Rika di jaluki sumbangan berarti kan rika kegolong wong sing due kang waud..? Apa maning kye jaminane surga loh kang waud.. ora kajogan wiyagaeh rika..?" Kang abid semaur "Kye kaya kie kang.. inyong arep takon Rika wis nyumbang apa durung..?' Kang waud balik takon " inyong tah wis nyumbang 100 juta kang waud ben anak, bojo, wong tua, mertua karo putu putune inyong manggon bareng ning surga.." Kang abid semaur PD nem...