Home » , » Engpati.. Ehhh EMPATI

Engpati.. Ehhh EMPATI

"Kang.. Rika wis ngerti durung,,
mobile kang Jastro ana sing mbobol.
duit karo hp,ne amblas di gondol maling."

kang waud mbuka acara ndopok ng warkop.e yu sri.

" inalillahi.. kedadiane kapan kue..?"
Kang srugul takon

" seminggu kepungkur kang,,!!
Aban abane duite 10 juta punjul karo hp,ne ya lumayan larang,, adong di total ya sekitar 15 jutanan kang"
Kang waud semangat men kari cerita.

"Kopi yu.. Biasa ya.."
Kang ngalimin melu ndopok bareng ng warunge yu sri

"nggih ndoro,,"
Bakul kopine kari semaur luged nemen

" Yahh,, mudah mudahan kang jastro olih ganti sing lewih akeh di banding sing ilang yah ud.."
Kang srugul ndongakna

" iya kang, mudah mudahan kedadian kie gawe kang jastro lewih ngati ati yah kang.."
kang waud semaur.

" kye lagi pada kanda apa sih jan jane..?"
Kang ngalimin nyaut

"Anu kang..
Mobile kang Jastro ana sing mbobol,, adong di total sing ilang sekitar 15 jutanan.."
Kang waud njelasna

"Duit kabeh kue kang waud..??"
Yu sri semaur mbari ndokon kopi nggo kang ngalimin

"Aban abane campur karo slumpring karo godong weringin, godong ciplukane ya ana yu.."
Kang waud semaur sekenane

"Inyong tah mung takon kang waud,,
gari semaur bae sg kepenak,,
toli lambene aja di ulur nganti limang senti,,"
Yu sri nyaut kang waud.

"Ha ha ha rika ana ana bae pitakonane yu..
Kue duit total 15 juta dudu rejekine kang Jastro ndean yah yu sri.."
Kang waud gemuyu ngaklak aklak
krungu jawabane yu sri.

"Sing jelas kye kaya kiye lur...
Kang Jastro ora nglakoni kewajibane kaya tah zakat, kue duit mestine durung di zakati ndean rah mulane ana sing nggondol.."

Kang ngalimin nuduh kang jastro

"Kue teguran ge mbuh azab maring kang jastro ben kang jastro adong ana rejeki kudu di zakati.."
Kang ngalimin nambaih.

" sit sit sit kang..
gyeh inyong arep melu takon,,
Rika ngerti sing endi kang jastro ora nei zakat..?"
Kang srugul takon maring kang ngalimin

" lah kueh sih genah wis gamblang,,
duit semono akehe karo hp ana sing nggondol,, kue bisa dadi pengeling eling supaya kang jastro eling zakat.."
Kang ngalalimin njelasna.

" Kye inyong ya arep melu takon kang,,
Umpamane kang jastro wis zakat ng njaba desa sing awake dewek ora ngerti kepriwe kang..?"
Kang waud melu takon.

" wis gamblang kue kang waud,,
duit sing ilang kue mau hukuman sing gawe urip ben kang jastro sadar lan nglakoni kewajibane ya kue mau zakat."
Kang ngalimin tetep ngotot.

"Wis ganti kanda liane bae lah..
duite mbuh sapa sing ilang ng kene sg pusing..!!"
Ujug ujug kang abid melu ngomong

Sing mau kang abid sibuk nggayem kacang goreng.

Ujug ujug kang ngalimin di telpon bojone kon balik.

Salubare mbayar kopi karo gedang goreng kang ngalimin ngengkreg balik.

"Dadi wong koh ora ana welas asieh babar blas..
Tanggane kesripahan malah kotbah babagan zakat..
Mbok ya melu melas setitik maring kang jastro
aja malah gawe lara ati.."
kang waud ngedumel lambene

"Mau lagi ana wonge rika ora ngomong kang waud..
Wonge wis lunga rika nembe umed umed lambene.."
Kang srugul semaur.
"rungokna ud,, omongane kang Srugul..
Aja senengane ngomong ng mburi..
kaya yu sri sing senengane uplek ng pawon.."
Kang abid semaur.

"Kayong kesuh koh inyong..!!
Genah ana wong susah malah di paido.. "
Kang srugul ngoceh bae.

"Wis wis kiye kena nggo pelajaran kanggo inyong karo rika pada adong ndokon apa apa kudu lewih ngati ati,,
muga muga bae kedadian kiye sing terakir kanggo kang jastro.."
Kang Srugul nei pendapat.

"Setuju kueh kang..!!
 Yu sri,, kyeh punten di total kabeh..
Tek traktir deng inyong..."

Kang abid PD nemen nraktir kanca kancane

"Rika bar olih rejeki sing endi kang..?"

Kang waud nyeletuk..

" duit zakat sing kang Jastro.."

"Ha ha ha.."

Kang waud, kang srugul, kang abid
Gemuyu ngaklak aklak bareng..


------******------*****-----

1 Minggu Kemudian


Sedesa di gawe geger perkara umaeh kang Ngalimin di bobol maling,
Dunyane kang ngalimin entek resik
Dapak kesedan sing ana tulisane "WELLCOME" bae di angkut
Kaya lubar bedah rumah dunyane kang ngalimin bures.
Umaeh kang ngalimin omber gelimber perkara perabotane di gondol maling.
Jan persis kaya lapangan ASRI ng bumiayu
Kena nggo maen kasti perkara suwung glentung.


" Sabar kang,,
mengko ge olih ganti sing lewih gede.."
Kang srugul nei semangat.

" iya kang kabeh mau anu wis di garis,,
mengko ge rika bakal ketuku maning barang barang sing ilang toli rika tukune ya sing lewih apik"

Kang abid ngimbuih..

Kang ngalimin ora semaur apa apa
Mung bisa ngamini ucapane kang srugul karo kang abid.


Mbari ngrisiki kang srugul karo kang abid
Kang waud ngomong kaya kiye...

"Kue dunyane kang ngalimin Mesti durung di Zakati..
Wis gamblang kue tah...!!!"

"HUSSS..!!!!"

Kang srugul karo kang abid semaur kompak.






0 komentar:

Post a Comment