Home » , » Sertifikat Masal

Sertifikat Masal

"Kang rika wis krungu lurah bagus kecekel deng KPK aban abane wis ngandang ning kabupaten kang.."

Kang waud memberi informasi

" kue infone bener apa ora kang waud..??
aja sembarangan mengko ndadikna pitnah..!!"

Kang srugul nyaut

"Wis geger koh kang..
Rika bae sing ketinggalan info
Mulane aja uplek ng kandang wedus bae kang..
Dadi rika ora krungu info sing up to date.."

Kang abid melu semaur

"Iya koh kang..!!
Pengajian rutin kemisan wingi bu lurah ya tumben ora teka
Padahal pengajiane nggone adine dewek kang.."

Mbari ndokon kopi pesenane kang jastro
Yu sri melu numpangi omongane kang abid

"Inalillahi..
Kue kedadiane kapan..??
Terus perkarane apa..??"

Kang srugul penasaran

"Aban abane tah perkara dana desa karo sertipikat masal kang,,
Kan wingi pemerintah republik selpi nganakna program sertipikat masal kang..
Jan jane kue gawe sertipikat masal gratis,, tis,,
Tapi deng kang lurah bagus di kenani biaya kang.."

Kang abid njelasna.

"Yah muga muga bae kiye kabar goroh..
Sa'ngertine inyong lurah bagus kiye wong sing jujur,
tapi ya kue mau ora nutup kemungkinan wong arane be duit ora due sedulur kang..!
Sapa bae bisa edan babagan duit yah kang..!!"

Kang waid nyaut

"Bener kweh kang waud..
Muga muga bae kabar kiye goroh
Aja nganti kedadian koropsi mlebu maring desane dewek.."

Kang srugul semaur

" tapi kang kye tah umpamane yah kang..
Umpama,, kabar kue bener kepriwe kang..!!"

Kang abid nembalang

"Lah arep primen maning kang..??
Kae sing nglakoni mestine neng kudu wani tanggung jawab.."

Kang srugul semaur

" adong sampe kabar kiye bener..
Lurah bagus wis banget keliwate yah kang..?
Inyong ketepas ketepus macul 5 bedug nggo mbayar biaya sertipikat, beyekan pengrasa bisa nggo nyuled rokok saking panase
giliran wis nggo mbayar malah duite di embat sertipikate ampleng.."

Kang waud ngresulah.

"Yah arane ge menungsa kang waud,,
Jan jane langka sing mending lewih becik ora loroneng,,,
Tapi seumpama kon milih nggarong apa koropsi mending milih nggarong kang waud..
Urusane karo wong siji tok
Lah adong koropsi tah kan urusane karo wong pirang pirang ya belih kang waud..??"

Kang abid njaluk pendapate kang waud.

" iya kang di pikir sing dadi perangkat desa ng republik selpi pada ngawure naudu billah
Boro boro ngajeni maring juragane
Ora nyolong be wis alkamdullilah..
Padahal penginyongan sing nggajih perangkat kue mau yah kang.."

Kang waud nglanjutna ngresulaeh

" kiye inyong ya melu mumet kang..
Kang sar'in karo kang wasmad biyen melu nyambut gawe ning inyong
Bayarane wong loro kue mau di potong nggo mbayar sertipikat lah adong saiki sertipikate ora dadi inyong arep ngomong apa ng ning kang sar'in karo kang wasmad
Bener kue mau duite wis tek bayarna ng perangkat desa,,
Tapi kan kang sar'in karo kang wasmad belih ngarti butueh wis di bayar neng sertipikate kudu dadi..
Kiye inyong kayong melu ruwet.."

Kang srugul melu susah

"Kurang apik apa jan jane warga republik selpi yah kang..
Kon mbayar pajeg mbayar
Kon urunan kiye manut

Kon bayar apa bae sing urusane karo duit mesti nurut..
Umpamane koh kabar lurah bagus kiye bener.
Inyong tah ora lila dunia akerat kang..!
Panas perih macul paribasane arep nggo nempur be suka tek longi nggo mbayar sertipikat ehh malah di sikat..
Titeni bae kang..!!
Aja sembrono karo wong ora due..!!"

Kang waud esmosi

"Wis wis kang muga muga bae kabar kiye kabar sing ora bener,,
Muga muga lurah bagus golongane wong sing ora keblinger..
Rika esmosi kaya kue ya lumrah kang..
Inyong dewek ya melu dugal
Perangkat desa kye sejatine pelayane inyong karo rika pada..
Koh nganti ora ndueni isin, rikuh, ewuh, maring inyong lan rika pada koh sekarepe wudele dewek.."

Kang srugul melu esmosi

"Umpama kabar kiye bener priwe kang
Jare rika perangkat desa kan anak buaeh inyong, rakyat sing nggajih, kudune kan di nei ukuman kang.."

Kang abid njaluk pendapat

"Awake dewek aja nganti grusa grusu babagan kabar kiye..
Kudu di cek sing teliti temenanan,,
Kari ngecek aja mung pisan pindo
Sing teliti, aja nganti inyong karo rika kegawa gawa pitnah.."

Kang srugul nengaih.

"Umpama kedadian kiye bener priwe kang..?"

Kang jastro melu takon

" arep keprimen maning..!!
Sing kene ngarep inyong lan rika pada kudu melu ngawasi,,
Kudu melu ngawal,,
Ewadene wis di kawal koh nesih menceng
Inyong karo rika ndueni hak nggo "nggebug" maling kue mau..
Liwat cara cara sing becik.
Di elingna disit,,
Di nei arahan..
Nesih mayan mlentong di demo sisan..!!
Wong kaya kue tuman..!!"

Kang srugul semangat 45

"Setuju kang..!!!"

Kang waud, kang abid lan kang jastro kompak nemen

"Inyong ya setuju kang,,!!
Mbok rika arep demo ibu ibu pengajian inyong sing nggerakna..!!"

Yu Sri ora kalah semangate.

Warkop Yu sri 
21 November





0 komentar:

Post a Comment