Home » » INTERNET

INTERNET

"Kang saiki rika dadi kayong aktip men mbukani yutub yah..?"

Kang waud takon maring kang srugul

"Hehehe
iya kang..
Kue mau gara gara kang jastro masang wipi.
Inyong di nei paswod gratis deng kang jastro..!!"

Kang srugul semaur

"Nggo yutuban lancar ora kang..??"

Kang abid melu ngembul

"Lancar kang..
Kaya bis sinar jaya ning tol cipali.."

Kang srugul semaur

"Kang jastro..
Mengko nyong melu nyalur wipine ya..??"

Kang abid poyan

"Beres kang mengko tek omongna ning anakku
inyong dewek ora mudeng babagan kue.."

Kang jastro njawab

"Saiki kabeh informasi gampang di akses lewat hp yah kang..
Tapi mipil mene inyong malah mipil wedi aktip ning dunia maya kang.."

Kang abid melu kanda

"bisane kang..??"

Kang waud takon

"ndean perkara jaman sing wis rubah yah kang..
Inyong adong maca ning pesbuk, mbuh twitere anake kayong miris karo priatin kang..
Kadang agama nggo dodolan..
ana ustad sing senengane nuduh bid'ah kapir sirik
padahal kue ustad mondoke ning endi, gurune sapa, mondok pirang taun langka sing ngerti
maring wong tua ya kari komen jangji plodo
sing lewih gawe inyong gemlidigen kang..
kyai kyai nggo glotekan..
jan jan kayong wis ilang tata krama, unggah ungguh
Mbanengan inyong gemien nalika melu liwet nggone kyaine boro boro sih wani ngomong kasar,,
Kapan di undang be inyong ndeluk ora wani ndeleng rupane guru ngajine inyong
ning internet tah jan bener bener keliwat..
Kadang ana sing wani madakna kyai karo kirik anapan kang..
jan bener bener dajjal sing wujud.."

Kang abid njlentrehna

"Yah arane ge dunia maya kang,,
Jere anake inyong ora kabeh sing ning internet kye bener,,
tembunge anake inyong kayong bener koh..
internet ya pada bae karo pestol gari ning tangane sapa umpama ng tangane polisi ya dadi kebecikan umpama ng tangane bencoleng ya dadi ora karu karuan..
mung bae menungsa jaman saiki tah kayong kegolong menungsa sing nglewati batas..
kadang inyong dewek gela ndelengna tingkah polaeh menungsa ning internet..
sing kadang gawe nelangsa menungsa saiki koh kur andon udur uduran mbuh perkara apa ning internet
tapi arep di wolak walik kaya apa kabeh mau internet balik maring awake dewek
kur gari awake dewek kudu lewih ngati ati.."

Kang srugul ngoceh sadawan dawan

"Inyong karo rika pada di tuntut kudu ngati ati
adong krungu kabar apa ning internet kudu lewih di saring sing teliti temenanan.."

Kang srugul ngimbuih omongane

"Bener kandane rika kang..
Tapi internet uga ndueni kelewian kang..
salah sijine internat bisa nggo nyambut gawe
ponakane inyong anake kang jasmari sing ning petuguran pegaweane mung ngadepi komputer tok kang ndina mengi..
Tapi duite lumayan..
Jan bener bener kae bocah ora due pegawean lia seliane njugrug ning ngarep komputer kaya penginyongan tah babarblas ora mudeng kae bocah nyambut gawene apa.."

Kang jastro nyaut

" lah kang..
Bagena di jelasna ge kaya ngapa inyong karo rika tah uteke wis ora bakal nyandak..!!"

Kang srugul semaur



"Ha ha ha...
Bener rika kang..
Inyong dewek adong arep telponan
Sing katon gambare ndadak marani janoko anake kang darmo kon mencetna..
Padahal anake kang darmo bocah wingi
kelas 5 SD kang..
Tapi uteke wis banget lincaeh babagan HP
inyong tah kalah breg karo janoko..!"

Kang waud nyeletuk

"Ora mung rika tok kang...
inyong ya pada bae.."

Kang abid nyaut

"inyong ora lagi cumel kyeh..
inyong dewek tau gemuyu nganti kepoyuh poyuh
Perkara hp..
Ponakane inyong masang gim markirna mobil..
Ahire inyong ya melu maen gim kue mau..
Kari njalanna maju tah gampang..
barang markirna mundur inyong kangelan..
arep njaluk warah karo ponakan isin..
Ora njaluk warah ora bisa bisa..
Ahire inyong awad awad takon maring ponakan..
Nang.. Ko bisa markirna mobil kiye..??
ponakane inyong kari semaur "kecil..!!"
Ponakane maen gim markirna mobil inyong ndelengna carane..
maju maju maju barang arep di undurna gambare di rubah supaya katon sing nduwur..
Kan dadine gampang mundurnane..
selawase inyong maen gim inyong ora ngarti kegunaane gambar kamera kue mau nggo ngrubah supaya mobil katon sing nduwur..
inyong mbatin "kurang ajar" karo mlayu maring mburitan ngguyu dewek nganti kepoyuh poyuh.."

Kang srugul cerita pengalamane


"Hahaha..
Wong papat kue mau ngguyu bareng bareng.."



Brebes 4 sept

0 komentar:

Post a Comment