Home » , » 51 %

51 %

Udan sing riwis gawe kang srugul, kang jastro, kang abid lan kang waud terjebak ning warung kopine yu sri

"Udan ora kaya biasane yah kang waud
wis olih ring dina kiye adong udan awet terus
wingi sedina med iloken kiye arep sedina med maning,,,?"

Kang jastro membuka pembicaraan

"Arane ge desember kang..
jere wong kuna desember kye gede gedene sumber..

Kang waud semaur

"kayong cocok singkatane kang..
lah adong januari tegese apa kang..?"

Kang abid nyaut

"Hujan sehari hari.."

Kang waud semaur

"Hebat rika kang waud..
Madan tinemu akal kabeh..
Olih sing endi singkatan singkatan kue..?"

Kang srugul melu ngembul.

"Olih maca ng hp kang..
Jen bener bener hp kye nyediakna segalane kang
molai sg lucu, sing pinter, sing canggih,.
Lan lia liane, hp saiki ngalahna radio karo tipi kang
Saben ana berita apa hp ndisiti tinimbang radio karo tipi kang..!!

Kyeh ana berita sing lagi anget angete kang ya kue masalah pt pripot sing saham.e di tuku deng pemerintah republik selpi 51 % kang.."

Kang waud njelasna.

"Ooohh masalah kue kang..
iya kang inyong ya maca tapi geneng ana bae sing ora seneng yah kang,,
Ana sing ngomong lah kue tah pada bae kaya kiye
umaeh inyong di kontrakna deng bapane,,
Taun 2021 kontrake entek kenang apa taun iki di tuku sedenge 3 taun maning kontrake entek..?"

Kang jastro nyaut

"Dong di pikir madan aneh ya kang..
lah adong ngenteni kontrake entek sih priwe kang,,??
kue kontrakan kan dadi dueke republik selpi.."

Kang abid melu takon.

"Persoalan kue kudu di deleng sing awal muawale kepriwe,, aja mung di deleng ning tengah tok apa maning di deleng mburine tok..!!"

Kang srugul nyaut

"Maksude primen kang..??"

Kang abid negesna.

"Kaya kiye..
Sing di kontrak kye lemah kang lemah..
Dudu umah.. Contoh yah,, tanaeh inyong di kontrak kang waud 10 taun tanah kue mau deng kang waud nggo gawe warung utawa toko
kontrakane entek warunge sing di bangun kang waud dueke inyong apa dueke kang waud..??"

Kang srugul takon

" warung tah ya dueke kang waud kang..!!
Tapi kenang apa ora ngenteni kontrakane entek bae kang..??
Kan warung bisa di enggo rika..?"

Kang abid njawab mbari takon maning

"Nah..
Ning kene persoalane,, a
pertama sing gawe kontrak kan inyong sing nerusna kontrak neng mestine anak turune inyong bener ora..??"

Kang srugul njelasna

" kontrak kue mau karena kesalahane inyong di gawe kontrak sing mumeti, mbulet karo ruwet
inyong karo kang waud due kesepakatan kontrak kudu di lanjut umpamane ora di lanjut nyong bisa di tuntut ng pengadilan lan jelas akeh kalaeh.
sababe kontrak kue mau wis di teken deng inyong

Kaping pindo..
Umpamane warunge kang waud di enteni kontrakane nganti entek inyong mestine kudu nuku warunge kang waud ndean rah..
di samping kue peralatan sing nggo nambang regane ya ora murah kang
wis regane larang nggolete angel di samping kue nyuwun sewu.. sepisan maning nyuwun sewu..
paribasane alat alat wis jangkep ana apa ora sing bisa njalanna alat kue mau

Kye inyong ora lagi ngece mring kemampuane rakyat republik selpi lho kang.

Kaping telu
Sing kerja ning warunge kang waud terus nasibe kepriwe,,??
Sing kerja ning kono ora wong satus apa rong atus kue sing kerja ning kono ewon kang..
arep di anggurna disit apa arep kon liburan disit apa kepriwe..??
Sedenge warung kue mau butuh waktu sing sue
ora etungan minggu apa wulan karo taun
butuh waktu puluan taun ben warung kue jalan kaya nalika di cekel kang waud,,"

Kang srugul njelasna.


"Geneng rika kari gawe kontrak ruwet kaya kue kang..
lah kue tah pada bae ora ngontrakna kang tapi di dol alus. .??"

Kang jastro takon

"Lah kiye sing lagi dadi persoalan deng anak turunne inyong kang..
inyong sing nanda tangani,,
tapi anak turunne inyong sing mumet..
tapi arep kaya ngapa bae,,
anak turunne inyong bocah sing muga muga bae pinter lan bener kecandake saham sing 51% kue mau muga mugaha dalan sing paling apik lan paling bener.."

Kang srugul njelasna.

" kayong sulit geneng yah kang..
Rika sing gawe kontrak anak turunne rika sing nanggung.."

Kang abid nei pendapat

"Kabeh mau sega wis dadi bubur,,
Kye tugase awake dewek gari ngolah bubur kue mau supayaha bener rasane lan kabeh rakyat republik selpi ngrasakna bubur kue mau yah kang.."

Kang waud nyeletuk


"Seliane kue awake dewek ya kudu melu ngawasi aja nganti ana sing gawe kontrak model kaya kang srugul
nggilani..!! Ya belih kang srugul..??"

Kang jastro nyauri kang waud

"Ya bener kueh.. Kang jastro kontrak sing model kaya kiye muga mugaha langka maning ning republik selpi..
Gawe kontrak di nei formalin ya dadine awet.."

Kang srugul semaur


Udane liren di ganti metune serngenge sing ana layunge
apik nemen di sawange kaya nyawang saham pripot sing 51%

Brebes, 21 desember

WarKop yu sri.













0 komentar:

Post a Comment