Home » , » Kerempeng

Kerempeng

Perawakan kurus kerempeng sang mantan walikota meragukan banyak pihak
bagaimana mungkin postur tubuhnya yang kurus kering akan menahkodai republik selpi yang teramat besar ini

Kang jawir membuka obrolan di warung kopi yu sri

"Nasibe wong langka sing ngerti kang..!!
Kopi yu k*p*l api aja di tambaih gula"
Kang abid semaur sekenane

"Bener kueh omongane kang abid menungsa adong wis kenang pulung bakal keturutan kekarepane"
Kang waud nimpali omongane kang abid

Yu sri metu nggawa kopi nggawa kopi kebul kebul nggo kang abid

" iya tah iya..
Awake dewek sing dadi rakyat wis kudu kudune ngajeni maring pemimpine, bagena kaya ngapa wong kae presiden.e dewek
olih ngritik ng kebijkane aja ngritik ng bentuk fisike"
Kang jastro ngimbuih mbari nyawel pisang goreng.

"Di pikir pikir kadang lucu yah kang, pangkate bekas tukang mebel gawe repot jendral ora mung 1 tapi 2 jendral berkolaborasi nglawan wong kuwe"
Kang waud semaur

" arane ge politik kang, urusan sg njlimet, ruwet, lan mbulet, saiki kanca ngesuk bisa dadi musuh, saiki musuh ngesuk bisa mangan bareng, dolan bareng, pokoke adong ana kecocokan dadi kanca, jerene kang samuri wong kampung baru dadi JEKWIR"
kang jastro semaur.

"Gawekna teh anget yu sri..
aja kemanisen, nyawang rika wis manis.."
Kang srugul pesen teh maring bakule

"PRREEETTTT..."
yu sri semaur diplomatis nemen.

" kayong rame temen kiye,
lg pada mbahas apasih..??
tek rungok rungokna rendang reang kaya bebek durung di pakani"
kang srugul melu ngomong

" kiye kang lg mbahas presiden ng republik selpi,
wonge gering aking, kerempeng, tapi gawe repot maring musuh musueh ora tanggung tanggung kang sing di lawan jendral, wis kaya kue ora mung 1 tapi dobel jendral kang alias 2 "
Jere kang jastro

"Oooo masalah pawakan presiden..??
Kye kaya kiye kang..
inyong arep takon nalika inyong karo rika nesih cilik - cilik ndean tah tau di dongengi deng bapa kelawan mamane babagan pemimpin
Jaman biyen ana satria sing gagah perkasa, pawakane gede duwur, ganteng dadi pemimpin,
inyong nesih kelingan kang di dongengi deng bapa tua Rasmawi babagan pimpinan sg awake gede duwur"
Kang srugul nei pitakonan

" iya kang, inyong nesih kelingan, kang waud, rika, kang jastro, lan kanca kanca batir dolan awake dewek kerep di dongengi babagan kue ning ngisor wit pelem salubare ngarit
pengrasa kayong rutin saben dina jemuah deng bapung Rasmawi"

kang abid ngeling eling masa masa indah nalika due hobi ngarit

"apa sing di ceritakna bapa tua Rasmawi babagan pimpinan sing awake gede duwur, gagah, lan sapiturute di eling eling ding inyong lan rika pada,
dadi adong raja utawa pimpinan kudu ndueni awak sing gede duwur, gagah, lan pawakan sing pantes, lah saiki ndilalah pimpinane dewek ora kaya sing di cerita ding bapa tua Rasmawi"

Kang srugul nyerocos karo nyruput teh anget

" iya yah kang,,!!
Ceritane bapa tua Rasmawi ora kaya harapane awake dewek nalika cilik.."

Kang waid nyamber

"bener yah kang..
Utek.e dewek sadar ora sadar di cekoki raja kue kudu ndueni awak sing gede duwur, gagah, nunggang jaran kayong pantes nemen di sawange"

Kang jastro semaur

"Nalika awake dewek olih raja sing awake nyuwun sewu.. Kerempeng awake dewek jan jane pengin berontak, geneng raja perawakane ora kaya sing di cerita ding bapa tua Rasmawi"

Kang srugul njlentrehna

"Tapi kue mau ahire awake dewek olih pelajaran, sa'temene, sapa bae bisa dadi raja utawa pimpinan ng republik selpi, mbuh mau maune wong kuwe bekas tukang mebel, bekas mekanik, mbuh bekas tukang ngarit, kabeh ndueni kesempatan dadi pimpinan, ora mung nyuwun sewu.. Priyayi tok"

Kang srugul ngimbuih

"Bener yah kang..
arane nasib langka sing ngerti, kye awake dewek sing wis dadi wong tua adong ndongeng maring bocah bocah aja kaya bapa tua Rasmawi, ketinggalan jaman hehehe"

Kang waud nei pendapat

"Iya kang,, inyong karo rika kudu mipil ngrubah cara pikire perkara pimpinan sing awake gering aking teutama maring awake dewek disit banjur di lanjut maring anak, pulunan lan putu..
kaya apa bentuk fisike bisa bae dadi raja ning republike dewek "

Kang srugul nei saran

" yu sri kopi, gedang goreng loro..!!
Biasa ya yu.. BON..!!"
kang abid PD nemen

" wis utang, rosa maning,,!!"
Kang jastro nyablak..

" ha ha ha..
tanggal tua kang..!!!"

Kang abid semaur mbari cegigisan.





0 komentar:

Post a Comment