Home » » Obral Surga

Obral Surga

Obral Surga

"kang.. Rika maca berita ning hp ora kang
babagan salah sawijine timses calon presiden ning republik selpi jerene adong nyumbang limang juta bisa mlebu surga.."

Kang waud takon maring kang abid

"Maca kang waud..
priwe sih..?
rika arep nyumbang apa kang..?"

Kang abid semaur

"He he he..
Ngrasakna nggo nyumbang capres nggo nempur bae wis karuan..!!
njaluk sumbangan koh maring pengiyongan wong cilik apa ora kewalik kue..?"

Kang waud semaur mbari takon

"Lah kewalik primen..
Rika di jaluki sumbangan berarti kan rika kegolong wong sing due kang waud..?
Apa maning kye jaminane surga loh kang waud..
ora kajogan wiyagaeh rika..?"

Kang abid semaur

"Kye kaya kie kang..
inyong arep takon
Rika wis nyumbang apa durung..?'

Kang waud balik takon

" inyong tah wis nyumbang 100 juta kang waud
ben anak, bojo, wong tua, mertua karo putu putune inyong manggon bareng ning surga.."

Kang abid semaur PD nemen

" kue kari goroh aja ngoler sadawan dawan
Kaya buntut layangane ki darmaji..!

Kopi yu..
Biasa..."

Kang srugul melu nyaut mbari pesen kopi

"Ha ha ha...
kye kang waud sing gawe gara gara..
berita kaya kue di omong omongna.."

Kang abid semaur

"kaya kiye kang..!!
lah iloken adong wis nyumbang limang juta bisa mlebu surga..
Di pikir kan lucu surga koh di obral obral kaya kue..
Jerene kyaine inyong urip ning surga kan salawase..
iloken urip selawase mung nyumbang limang juta beres..
Sing bener bae...??"

Kang waud semaur

"Wis kaya kiye bae kang waud..
Rika takon bae maring wong sing ngomong
Deweke wis nyumbang apa durung..?"

Kang jastro melu ngembul

" iya bener kweh kang jastro..
Primen kang waud rika tek terna nggone wonge langsung ben gamblang bisa takon..
inyong weruh alamate ikih..!!"

Kang abid nyeletuk

" jiss temen..!!
Ngarit bae toli gamblang olih suket..!!"

Kang waud semaur mbari ndurek.

" kaya kiye kang waud..
Awake dewek kye wong cilik..
Bisane ya mung nyawang,,,
 adong ana perkara sing aneh bisane ya mung ngelus dada
Adong ana perkara sing salah ya bisane mung ndongakna..
Siji maning kang waud aja nganti kelalen..!!
Adong ana perkara sing lucu ya gari melu ngguyu..
Dadi ora spaneng..
Perkara nyumbang limang juta bisa mlebu surga
Wis di anggep bae dagelan..
Kwe ujare rika nyumbang limang juta bisa mlebu surga lucu apa ora..??"

Kang srugul melu ngomong

"Hehehe lucu kang..!!
iya yah kang kena nggo hiburan.."

Kang waud semaur mbari cegigisan

"Rika kari gemuyu aja dj entekna kang waud..!!"

Kang jastro nyeletuk

" bisane kang jastro..??"

Kang waud semaur

"Dela maning ge ana perkara sing lewih lucu kang waud
rika tek jamin gemuyu nganti kamikekelen
Pokoke adong durung wulan papat lawakan lawakan kaya kiye ora bakal entek..!!
Ana terus.."

Kang jastro semaur.

" bener kweh sing di ucapana kang jastro..
Pokoke adong pilian presiden nung republik selpi durung entek durung bar..
lawakan lawakan kaya kiye nesih ngagur agur.."

Kang srugul ngimbuih




"Uteke petinggi ning republike dewek wis pada kongslet yah kang..
Sekolane tah pada duwur duwur titele kaya meteran banget dawane
Tapi tindak tanduke kaya calo terminal"

Kang abid nyaut

"Yah.. 
Kaya kue lah kang kahanane..
di dukunga kaya ngapa ge ora bakal ndadikna nasibe penginyongan rubah..
Masia ana rubaeh ya ora sepiraha.."

Kang jastro semaur

"Kye awake dewek tah ora perlu gontok gontokan kaya sing ning nduwur..
Awake dewek kudu tetep akur..
Bagena piliane beda aja ndadikna pecah tali silaturahim 
Mbesuk adong umure dewek dawa ya bakal menangi pilian presiden maning..
awake dewek aja gelem di adu tiap limang taun sepisan.."

Kang srugul melu ngomong

"Najis temen kang.. 
Kon pecah karo sedulur lan tangga gara gara pilian presiden tah inyong ora sudi..!!
inyong karo kakange kang wasmad be beda pilian tapi ya tetep akur kang..
Kae njaluk tulung ning inyong ya tek tulungi
inyong njaluk tulung ning kae ya geneng giras men nulung inyong..
ora sudi nyong karo kang wasmad kon srudug srudugan perkara pilian presiden..!!"

Kang waud semaur.

"Kang waud sapine rika sida di dol..??"

Kang jastro nyeletuk

"Sida kang senen wage wingi..
Priwe sih..?"

Kang waud semaur

" kebeneran kang...!!
Meneh duite tek silih..?"

Kang jastro semaur

" ana kang..!!
Mbok rika arep nganggo disit ya monggo..??
Tapi ngampurane kyeh kang duite arep nggo apasih..??

Kang waud nyaut


" arep nggo nyumbang calon presiden...!!!"

Kang jastro semaur mantep nemen.


-ha-ha-ha-
Wong papat gemuyu kompak nemen


Brebes, 18 des

0 komentar:

Post a Comment