fase urip menurut wong jawa
11 runtutane uripe menungsa ning falsafah jawa sing di bentukna maring tembang -MASKUMAMBANG- uripe anak putne adam nalika ning njerone wetenge biyunge "kumambang" / ngambang ning alam kandungan sing peteng dedet -MIJIL- mijil kue arti utawa tegese metu, metu sing kandungan biyunge maring alam dunya alias dadi jabang bayi. ning alam kiye menungsa wis mulai ginau urip -SINOM- sinom utawa si-nom ( muda ) ning wayah kiye awake dewek molai ginau ngenal maring pirang pirang perkara sing anyar -KINANTHI- wayah kinanti wayah awake dewek nggolet janur/ sejatine nur ( jati diri ) lan maknane urip, ning wayah kiye awake dewek wis molai due pirang- pirang kekarepan/cita-cita -ASMARADHANA- wayaeh nggolet asmara/pacar utawa soul mate ( jere wong londo ) wayah sing paling semangat, semangat sekabeane,, semangat nggolet duit lan semangat nggolet bojo -GAMBUH- wayah urip bebrayan alias mbojo -DANDHANG GULA- wayah awake dewek wis mulai mapan ning urusan duniawi dandhang ( nggo ...