Home » » DI JEWERRRRRR....!!!!!

DI JEWERRRRRR....!!!!!

                                       DI JEWER…!!!!


Saben esuk Bu guru Masriah ngabsen murid muride
Sing njagong ning ngarep kiye bocah sing banget rajin rajine,
Tekane ora tau telat, ora tau mbringsung adong gurune lagi nei pelajaran.
Nggartekna ilmu lan pelajaran sing di nei Bu Masriah
Murid didike Bu Masriah ana 42 bocah
ora kabeh muride Bu Masriah rajin disiplin lan manut marang gurune
ana sing pecicilan, mbringsung, tambeng, mbeler,

Ana sebagian murid sing ora mung rajin sekolane tapi rajin dolan nggone Bu Masriah
Kur dolan,jagongan karo gurune njaluk nasehat, kadang kadang ya belajar tambahan alias les,
Nalikane Bu Masriah di takoni deng kepala sekolah sapa murid sing rajin tur tertib ning sekolahan, Bu Masriah nei jawaban mestine bocah sing perek karo deweke
Murid sing sokan dolan nggone deweke, murid sing manut tur nurut.
Adong ana program beasiswa Bu Masriah ndisitna bocah bocah sing rajin, bocah sing manut, bocah sing di siplin.

Sewalike utawa kosok baline utawa berputar 180 derajat

Murid sing mbeler, nakal, pecicilan, pedigasan, ora ngormati Bu Masriah utawa gurune. Bu Masriah ya kerep nei nasehat, kadang ya nei hukuman molai sing cilik kaya di bentak, di jewer, karo kon ngadeg ning ngarep kelas.
Jan jane hukuman sing di nei deng Bu Masriah kiye nggo kebaikan bocah sing mbeler
Bu Masriah ora pengin anak didike dadi menungsa sing ora karu – karuan.
Bu Masriah ora pengin murid muride raport.e kobongan alias nilene abang kabeh.
Apa maning nganti di tokna sing sekolahan gara kelakuane muride sing mbencinat.


Lurrr,,,,,

Cerita ning nduwur kue mau cerita sing ana tur nyata.
Cerita logika sing sederhana guru maring muride.
Apa hikmaeh…?
Gusti kang murbeng dumadi utawa Gusti Alloh saben dina ngabsen maring inyong lan rika pada.
“Gusti Alloh sing ngabsen….???”
“Ya… betul bin benar bin tidak salah lagi…!!!”
Gusti Alloh ben dina ngabsen inyong karo rika pada sedina ping lima
Lima perkara sing hukume WAJIB alias kudu di lakoni utawa di tandangi
Adong ora di lakoni olih dosa.
( kwe inyong jere kyaine. Tapi inyong  ora ragu ngendikane kyaine Inyong bahwa hukume sholat kwe WAJIB)
“Gusti Alloh sing nei urip lan nei mati maring inyong lan rika”
Awit nesih peteng dedet alias esuk uput uput Gusti Alloh wis mulai ngabsen
Awan awan ya ngabsen
Sore ya ngabsen
Dina wis rep alias sore alias peteng utawa sendekala Gusti Alloh ya ngabsen
Wengi alias is’ya Gusti Alloh ngabsen maning
Kaya kue saben dinane…
Rutin alias terus menerus
Gusti kang murbeng dumadi kaya kaya dawuh ;

“ndi hamba- hambane ingsun sing gemien mung segumpel daging ning njerone wetenge biyunge,,?”
Ingsun sing nei urip, nei rejeki nganti deweke gede apa pada kelalen..?

Pada brukut alias semangat wong wong sing manut maring dawueh/prentah Gusti Alloh
jama’ah ning langgar/masjid, Gusti Alloh ngirim atusan, ewonan, juta’an lan milyaran malaikat nggo nyatet lan ngrekam, lan Gusti Alloh ndawuhaken/prentah malekat kon njaga wong wong sing rajin absen.

(mugi- mugi inyong lan rika pada termasuk golongane wong kue)

Akeh utawa pirang pirang cerita sing batire inyong lurr,,,
Sing uripe dadi mulya utawa berubah akeh sawis’e ndangdani absen maring Gusti Alloh alias mbeneri sholat.e

Adan..                   Sholat…!!
Adan..                   Sholat…!!
Adan..                   Sholat…!!
Adan ..                  Sholat…!!
Adan..                   Sholat…!!

Akeh kancane inyong sing durung di absen pun wis teka ngadep maring Gusti Alloh kaya muride Bu Masriah sing rajin. Nglakoni Sholat Dhuha nalikane serngenge alias matahari wis metu
Dingklak – dingkluk tengah wengi lapor lan “curhat” maring pangerane
Kaya muride Bu Masriah sing seneng sowan nggone gurune nalika dudu jam pelajaran.
Kaya kaya nduweni prinsip ; kerja kiye selingan alias hiburan nggo ngenteni waktune Sholat.
Gusti alloh bakal seneng maring wong- wong sing rajin absen
Gusti alloh bakal nei walesan/balasan kanggo wong sing rajin absen
Uripe gampang gangsar, tetege pikir, tenange ati, lan rejeki sing LUAARRRR BIASSAA dahsyate,,!!!

Lah primen wong –wong sing mbeler, ndableg, mbringsung nalika Gusti Alloh ngabsen..?

Gusti Alloh kiye maha welas lan asih lurr,,,
Adong inyong lan rika pada maca bismillah kuwe tegese janjine Gusti Alloh
Maring menungsa
Bismillahhi rohman ni rohhim kwe tegese kurang lewih ;

“Kaliyan nyebut asmane gusti alloh ingkang moho welas lan moho asih”

( dawueh kyaine inyong lur,, mbok keliru ya njaluk tulung di benerna)

Lah bentuk sayange Gusti Alloh kye kadang kadang inyong karo rika sok “di jewer” utawa “di slentik”
Supaya inyong lan rika pada dadi menungsa sing rajin absen
Ana sing di jewer langsung
Ana sing di “istijrad” ndisit di nei dunya, motor, mobil, sawah lan lia liane
Lubar kue di jewer banget rosane nganti gewowokan alias nangis jengker

“aduhhh biyuunnggg…..!!”
“aduhhh biyuunnggg…..!!”

Jan jane adong inyong karo rika gelem pada jujur maring awake dewek kye banget gampange lurr,, niteni wong wong sing di jewer ding pangeran.
Usaha sing morak- marik, di tipu wong, apes terus terusan, lara ora mari – mari, pikirane ora tenang alias GALAU, lan seabreg abreg tanda liane lurrr,,,,

Jan jane kuwe kabeh mau sinyal,,,!!
adong inyong lan rika mung nguyak dunya, dunyane ngagur – agur, pirang-pirang , pating tlektek, ning ndi bae due sawah, kebon, mobile pirang pirang, motore kaya dealer,,
tapi langka berkaeh,,,, uripe nggrungsang, ati lan pikire panas.

lubar di jewer kue mau,, Gusti Alloh tetep ngabsen inyong lan rika pada.
Saben dina ana adan, sing ngejak inyong karo rika nuju kemenangan/kebahagiaan

“haiyaallal fallah……”
“haiyaallal fallah……”

Menang/begja ning alam dunya lan akherat.
Menang nglawan hawa nafsu, menang nglawan pirang- pirang masalah

Keprimen carane,,,?
Absen tepat waktu…!!!
Nalikane ana adan gagian wudlu iras irus maring langgar/masjid
Lapor marang pangeran,,    AJA DI TUNDA-TUNDA….!!!!

Dawueh gusti alloh kye banget gamblange ;
“dadikna SHOLAT lan sabar dadi pitulungmu”
Q.S Al Baqarah 153
(nesih jere kyaine inyong lur,,,)

Lurrr …
Awan, esuk, sore, wengi Gusti Alloh arep ngabsen inyong lan rika pada
Mbayuh pada nglakoni dawueh/prentah Gusti Alloh
Mbok di jewer maning…!!!



(orat-oret padange ati)

0 komentar:

Post a Comment