Home » » Tresno Kendi / Cinta Tanah Air

Tresno Kendi / Cinta Tanah Air

Wengi kue ustad srugul pada jagongan karo bocah bocah ning ngarep umaeh kang jamali
Akeh bocah bocah sing pada jublegan nggal wengi ning ngarep umaeh kang jamali.
Sing di bahas ya pirang pirang molai hal hal sing cilik,nganti temekang politik
Sing saben wengi aktip ya kang sudrun,,kang jugo, kang madrais karo kang jamali
Wengi kue di batiri kang darmo sing nembe balik meranto ning kota metropolitan.
Kang darmo pancen wong sing banget banggane maring hal – hal sing mambu luar negeri
Ya maklumlah.. kang darmo awit cilik gunane meranto maring kota metropolis
Ungah ungguh wong desa kaya wis molai di lalikna deng kang darmo.
Kang darmo kari cerita kayong banget serune pokoke mbetaih men lah…
Sing ngrungokna kayong terhipnotis.
Apa maning adong cerita babagan luar negeri.. josssss pokoke,,
Kaya kaya kang darmo wong asli USA utawa Amerika tulennnnn
Cerita ceritane kang darmo ya kerep gawe dugal maring kanca batir.
Kang darmo kaya nganggep kanca batire kye ketinggalan jaman alias kurang “up to date”
Lewih lewih maring ustad srugul sing gunane sarungan, uripe usrek umek ning umah karo masjid bae,, ora tau gaul..!!
Kang darmo ora ngerti yen ustad srugul kye wis go internasional kaya artis agn*s m*n*ca
Tapi penampilane ustad srugul kaya biasane wong ndeso sederhana lan apa anane
Bagena ustad srugul wis kerep di undang maring luar negeri tapi ustad srugul tetep bae nganggo sarung lan kopyah adong lunga lunga,, deweke ora gelem nganggo katok/celana jeans apa maning celana pensil,,ustad srugul senenge nganggo katok komprang singkate ustad srugul kaya wong kuna bae.
Ora mung penampilane sing ndeso cara ngomong karo kanca batir pun ora ana perubahane, bagena ustad srugul pinter pirang pirang bahasa tapi deweke tetep ngugemi bahasa jawa ora ketinggalan kata kata “inyong”.
Saya wengi saya ora karu karuan sing di kanda ana ngomongna pilhan lurah, ana ngomongna
Internet, paculan lan lia-liane.yah umume ceritane wong desa
Saking sing di bahas wis kayong arep entek kang darmo nyeritakna pengalamane dewek nalika ning
Luar negeri, kang darmo cerita pirang pirang babagan kemajuane wong luar negeri bagena tanpa ulama apa kyai lewih lewih ustad. Bagena ora nerepna islam ning urip saben dinane tapi luar negeri lewih makmur,jerene kang darmo.
“Ujare rika primen tad,,,?”
Kang darmo takon maring ustad srugul
“mbarah Negara sing lewih maju sing negarane dewek kye Negara ndi mbarah…?”
Ustad srugul balik takon maring kang darmo
“USA alias amerika tad,,,!!”
Kang darmo semangat men kari njawab pitakone ustade
“Amerika sing lewih maju apane…?
Untune apa nuklire…?”
Kang jamali karo kang jugo mung cengengas cengenges tok..
Apa maning kang sudrun sing idepe njagong adong ana wong kanda mung dadi pendengar setia tok.
“kyeh ente tek kandani kang darmo… ente sing wis ping kopang kaping maring luar negeri kayane tah ya ora beda adoh karo inyong…
Inyong ya wis ping kopang kaping maring Amerika, eropa, jepang, cina, arab Saudi, Vietnam, apamaning singapura,, inyong ora lagi sombong lan pamer… nyuwun sewu lah,,
Saben wulan kiye inyong maring luar negeri..”
Ustad srugul molai cerita
“Ente weruh dewek mbok kang darmo,,,?
Wong Amerika kelas propesor hp ne Nokia lawas,, jere anake inyong kye HP jadul.
Ning kene,, nyuwun sewu lah,, inyong ora lagi ngece karo kang sudrun,,
Kang sudrun sing pegaweane uplek ning sawah ge cekelane hp Android,,
Ya mbok kang sudruunn…?”
“Apa kiye hp android nong tad…??
Kang sudrun takon maring ustade mbari nidokna hp android sing olih tuku nig kontere kang bawor.
“Iya drun kue sing arane hp android,,”
“inyong ora ngerti ndroid ndroid tad,, sing penting bisa nggo sms karo telepon lan suarane bening tad,,,”
Kang sudrun semaur sekenane bae,,
“”Gajine wong amerika gede kwe ya bener kang darmo,,,
Tapi regane barang barang ning kana ya larang larang,,
Ente ngrasakna dewek ikih mbok kang darmo,,,,?
Lah ning kene,,,?
Wong durung due gaji ge wis wani mbojo..
Kweh contone kang jamali,, nganggur jegur ge wani mbojo.
Iya mbok kang jamali…?”
“ he he he…
Jere rika rejeki tah wis ana sing ngatur tad,,,
Ana dina ana upa, ana wengi ana rejeki,
Sing gigire gelem panas ya wetenge adem ya mbok tad…?”
Kang jamali semaur diplomatis nemen
“geh njajal ente maring singapura kang darmo..
Apa maring malesia, Vietnam, arab Saudi..
Adong dewek alias wong Indonesia sing belanja mesti regane di undakna
Sebabe wong luar kwe mau duwe anggepan wong Indonesia kye sugih sugih…
Lah Amerika sing maju apane kang darmo…?”
Kang darmo ora bisa semaur.
Sing di ucapna ustad srugul kye akeh benere.
“lanjut maring jepang kang darmo…
Ning jepang kwe ora saben wong bisa tuku motor,, lah ning kene,,,?
Cukup modal duit 500 ewu wis bisa due motor anyar gres,,
Wis kaya kue,, dewek ora perlu yag yagan maring pasar motor di ider iderna kang darmo..
Ning jepang ya nggolet kanca batir banget angele..
Apa maning angger warna kulite beda,,
Lah ning kene,,, ?
adong nesih apal pancasila lewih lewih paseh bahasa Indonesia utawa bahasa daerah,, nggolet kanca kye banget gampange,, kwe sing nesih sebahasa karo ente ora mung dadi batir tapi dadi sedulur…
lah sing lewih maju sing jepang kye apane,,,?
Sawise ning jepang mbayuh maring eropa..
Ning kene ente arep ndeleng bal balan sekarepe ente..
Liga inggris, itali, spanyol, cempien,bebas bass basss baasss
Ning inggris ente kudu boking nganti telung wulan mung nggo ndeleng bal balan..
Sing maju apane,,,,?
Ente njajal nginep ning hotel apa losmen ning malesia apa Vietnam,apa ning tailan
Terus jam 12 bengi metu tuku sega goreng, tuku udud, tuku kopi, tuku wedang jae..?
Apa ana sing nesih buka…?
Ning kene kang darmo rika butuh apa sewayah wayah kye nesih ana sing buka,,
Sing lewih maju apane mbarah…?”
Kang darmo ora bisa semaur di nei pitakonan deng ustade,,
Sawise jepang yuh geser maring eropa kang darmo…
Awit sabrang kidul spanyol nganti sabrang lor norwegia kabeh panganene pada kang darmo,,
Rasane ya mung siji,,,
lah ning Bumiayu kene,, saben lesehan sing nyandingna mendoan kye sambel.e beda beda,, ana sing di gerusna mengkreng tok, ana sing di campur tomat,, ana sing di campur kecap lah pokoke akeh nemen lah,,,
Kuwe nembe Bumiayu tok kang darmo durung lia liane apa maning seluruh Indonesia,,,
Mumet mbok,,, mikiri sambel…?”
Sing nggo wadah sambel ya unik maning kang darmo,,,
Nggo godong gedang,,
Godong sing akeh manfaate ora mung nggo wadah sambel tok,,
Nggo gawe takir, nggo gawe lontong, nggo gawe lemper,, nggo mbuntel tape,
Wong luar pada mumet nggoleti wadah sing bisa di daur ulang...
Wong Indonesia wis nemukna wadah sing bisa di daur ulang awit kuna lecit kang darmo…
Lah sing lewih maju apane mbarah kang darmo…?
Terakhir kyeh kang darmo,,,
Ning cina wong due anak 2 bisa di uber uber deng pemerintah..
Ning kene sanajan nesih ngontrak arep due anak pira bae bebas,,
Sing lewih maju apane mbarah kang…?
Negarane dewek kye Negara sing banget di sayange deng gusti alloh,,
Dadi Ora susah isin ora susah minder..
Awke dewek kye mestine kudu bangga maring Indonesia kang darmo..
Kemajuane wong luwar negeri kye mung kemajuan sing semu. “

Bener apa ora kang darmo….?”

0 komentar:

Post a Comment