Home » » Rasa Sukur

Rasa Sukur

                                                            Rasa Sukur

Apa sing di golet ning dunya kiye….?

Urip ning desa.
Pengin mranto maring kota
Mranto ning kota
Pengin urip ning desa.
Wayah ketiga pengin udan
Wayah udan pengin terang.

Wayah ning umah
Pengine lunga dolan
Wis lunga dolan pengine balik
Nalika sepi
Pengine rame
Wis rame pengine sepi

Lurrr…
Apa bae kayonge apik yah,,,
Tapi nalika wis di dueni biasa – biasa bae,,
Apa bae katon apik nalika durung dadi dueke dewek

Sampe kapan bae begya ora bakal dadi dueke inyong karo rika
Adong inyong karo rika nesih mikir apa sing durung dadi dueke dewek..
Begya mung bisa di rasakna inyong karo rika adong gelem bersukur
Maring gusti alloh kanggo apa bae sing wis dadi dueke dewek.

Ambane dunia ora seamba godong kelor.
Bebasan kiye nggo nggambarna jembare alam dunya,
Tapi adong godong kelor kue mau nutupi mripat…?
Godong kelor kue mau lewih amba tinimbang alam dunya.

Semono uga ati lurrr,,,
Ati.ne inyong karo rika adong nesih ana kotore secuil bae
Inyong karo rika bakal di weruih perkara – perkara sing ora apik
Utawa kabeh perkara katone ora becik
Jere bocah saiki alias anak kekinian kiye ; “ negative thinking”
Gorengan boled doyan…?
He he he….


Lurrr…
Aja nutupi mripat nggo godong kelor sing secuil
Aja nutupi ati nggo pikiran sing ora becik
Tapi ndueni rasa sukur maring pangeran
Nggo sekabeane sing wis di nei pangeran maring inyong karo rika.

Urip sing di paringi pangeran
Banda dunya sing di paringi pangeran
Kabeh arep di pertanggung jawabna mbesuk ning alam aherat..
Mbayuh pada ndueni rasa sukur maring pangeran…
Sukur nggo sekabeane,,
Sukur di paringi sehat,,
Sukur di paringi keluarga,,
Sukur nggo apa bae sing di nei pangeran maring inyong karo rika,,

Siji maning lur,,,,!!!!

Mbayuh pada lomba nggawe perkara sing becik lan aja di tunda- tunda.




(orat – oret padange ati)

0 komentar:

Post a Comment