Home » , » fase urip menurut wong jawa

fase urip menurut wong jawa

11 runtutane uripe menungsa ning falsafah jawa sing di bentukna maring tembang


  1. -MASKUMAMBANG-
    uripe anak putne adam nalika ning njerone wetenge biyunge "kumambang" / ngambang ning alam kandungan sing peteng dedet
  2. -MIJIL-
    mijil kue arti utawa tegese metu, metu sing kandungan biyunge maring alam dunya alias dadi jabang bayi. ning alam kiye menungsa wis mulai ginau urip
  3. -SINOM-
    sinom utawa si-nom ( muda ) ning wayah kiye awake dewek molai ginau ngenal maring pirang pirang perkara sing anyar
  4. -KINANTHI-
    wayah kinanti wayah awake dewek nggolet janur/ sejatine nur ( jati diri )
    lan maknane urip, 
    ning wayah kiye awake dewek wis molai due pirang- pirang kekarepan/cita-cita
  5. -ASMARADHANA-
    wayaeh nggolet asmara/pacar utawa soul mate ( jere wong londo )
    wayah sing paling semangat, semangat sekabeane,,
    semangat nggolet duit lan semangat nggolet bojo
  6. -GAMBUH-
    wayah urip bebrayan alias mbojo
  7. -DANDHANG GULA-
    wayah awake dewek wis mulai mapan ning urusan duniawi
    dandhang ( nggo ngliwet sega ) bisa nggo perlambang makmure menungsa
    ning babagan dunya lan manise gula (manise urip) batin lan ngibadah
  8. -DURMA-
    wayah uripe dewek kudu lewih akeh didurma/di nekna maring wong lia
    wayah ngopeni maring hal - hal sosial.
    ora nggoleti "gula"
  9. -PANGKUR-
     wayaeh pangkur/pungkur alias menghindar, ngindari marang gebyare dunya,
    lan merek maring pangeran alias Gusti Alloh.
  10.  -MEGATRUH
    megat-ruh (pegatan karo roh) utawa ninggal, sedo, mati,
    awal mlakune maring alam wasana/akerat
  11. -POCUNG
    kondur maring ngarso dalem Gusti Alloh
    pertama menungsa di pocung ( pocong )
    terus di takoni deng malekat kaya lagu pocung
    wayah inyong lan rika pada nuju alam kebegyan/ kebahagiaan akerat. Amiinnn...

0 komentar:

Post a Comment