Home » » Mampir Nginum...!!!

Mampir Nginum...!!!

MAMPIR NGINUM…!!

Wong urip kye mung mampir minum..
Secara harafiah bisa di artekna wong urip ning alam dunya kwe mung sedela alias mampir nginum
Tembung wong urip kur mampir nginum adong di gartekna kye kaya ora mbejaji..
Tinapi adong di udal udal maknane kye banget luas tur jero
Inyong lan rika pada kudu mahami sekabeane ora mung sepotong sepotong.

Ning njerone budaya jawa urip kue di molai awit si jabang bayi ana ning njero weteng biyunge.
Inyong lan rika pada ora ngerteni kapan kuping di gawe, tangan, sikil, mata, lan lia liane
Ning njero alam iki di sebut  ALAM PURWA
Banjur menungsa mlebu maring tahap sing nomer 2 ya kuwe ALAM MADYA
Alam sing saiki di rasakna inyong karo rika pada,,
Alam sing penuh pertarungan antara menungsa karo setan
Alam sing wis ana pasangan pasangane
apik karo ala
Esuk karo sore ,
gede karo cilik lan seteruse…
Ning alam kiye menungsa arep ngalami pirang pirang perkara
Ana susah, seneng, begja, cilaka,
Alam sing nggo nggolet sangu maring alam kematian/akerat ALAM WASANA.
Ngisi urip sing sedela sing di gawe bebasan mampir ngombe/nginum
Ning alam dunya utawa alam madya inyong karo rika di tuntut nggolet sangu sing seakeh akehe
Sangu sing arep di gawa maring alam akherat/wasana
Ning alam dunya kye di isi 4 perkara
1 aluamah / nafsu angkara
2 sufah / kekarepan / keinginan
3 amarah /jengkel /dugal
4 mutmainah/ perbuatan suci
Papat sifat kue mau, bakal mlaku iring  iringan mbatiri sedawane inyong karo rika urip ning alam madya utawa alam dunya. Papat perkara mau di salurna lewat
Mripat / penglihatan
Cangkem / ucapan
Kuping / pengrungu / pendengaran
Cungur / penciuman
Tangan, sikil ,lan lia liane…

Mripat sing weruh gebyar alam dunya gawe iri ,
Cangkem sing seneg ngucapna tembung tembung sing kotor
Kuping sing seneng ngrungokna tembung saru lan ora patut
Cungur / irung sing seneng ngambungi ambu sing ora karu karuan.

Menungsa kudu bisa nguasani papat sifat mau, lan sifat aluamah, amarah, sufah kudu bisa di kalahna deng sifat mutmainah. Mutmainah kue mau kudu dadi sifat sing paling utama lan kudu dadi panutan inyong lan rika, supaya dadi menungsa sing due sangu becik sing akeh nggo nuju alam akherat/ alam wasana.
Sewalike akeh menungsa sing di kuasani telung sifat ya kuwe amarah, sufah, aluamah, lan sifat mutmainah kalah deng  sifat sing telu kue mau,, sing pada ahire menunsa urip ning ngalam dunya mung gawe kerusakan, dadi menungsa sing ala karo tangga, batir, sedulur, lan lia – liane..
Jan jane bebasan mampir ngombe kuwe, menunsa di gambarna urip ning alam dunya kue banget sedelane alias singkat. Lah pangkate wong mampir nginum kiye ya sedela ora bakal jam jaman.
Apamaning nganti sedina rettt,,,
Lah kiye tujuane urip menungsa sing mampir ngombe kiye mau ya nggolet sangu nggo nuju alam akerat / alam wasana, mulane kue inyong karo rika di tuntut kon apik mbuh karo sapa bae, mbuh tangga, mbuh batir, apamaning maring sedulur..
Tujuane ya kue mau ben inyong karo rika selamet ning alam madya lan alam akerat/ alam wasana.


( orat – oret padange ati )

0 komentar:

Post a Comment