facebook 2
Gawe pesbuk Kyeh sambungan ceritane dulur…. Ustad srugul wis molai bongbong Cangkeme tah nesih umad umed ngromed dewekan.. Suroso ngetokna sega karo jangan kulit so, ora ketinggalan gorengan karo sambel tlenjenge. “gyeh tad,,, wis mbayuh pada madang disit,,, Rika mbok kesel bolak balik gawe pesbuk..?” “mbuh lah,,,!!” Ustade nesih dugal tapi nyawel piring karo nyiduk sega di bregi jangan kulit so Segane nganti sepiring gorengan karo sambele mbatiri. Wong telu mau pada dokoh men madange,, Ustad srugul nganti tanduk ping 2 kaya wong tes macul sawah 2 hektar dewekan. Lubar madang ustad srugul jengkele madan ilang,,, “Tad,, bar madang tah udude rokok kiye,, rokok sing ana gambar jaran adep adepan. Badrus nawani udud maring ustade “Apa enak nong…?” “Gerrrr men koh tad,,, apa maning mbari ngrungokna lagu kiye tad,,” Suroso sing njawab “Lagu apa sih..?” Ustad srugul molai penasaran. “Ngko tek setelna ya tad,, tek lebokna salon anyar sisan ben sua...