Home » , , » facebook 2

facebook 2

Gawe pesbuk

Kyeh sambungan ceritane dulur….


Ustad srugul wis molai bongbong
Cangkeme tah nesih umad umed ngromed dewekan..
Suroso ngetokna sega karo jangan kulit so, ora ketinggalan gorengan karo sambel tlenjenge.
“gyeh tad,,, wis mbayuh pada madang disit,,,
Rika mbok kesel bolak balik gawe pesbuk..?”
“mbuh lah,,,!!”
Ustade nesih dugal tapi nyawel piring karo nyiduk sega di bregi jangan kulit so
Segane nganti sepiring gorengan karo sambele mbatiri.
Wong telu mau pada dokoh men madange,,
Ustad srugul nganti tanduk ping 2 kaya wong tes macul sawah 2 hektar dewekan.
Lubar madang ustad srugul jengkele madan ilang,,,
“Tad,, bar madang tah udude rokok kiye,, rokok sing ana gambar jaran adep adepan.
Badrus nawani udud maring ustade
“Apa enak nong…?”
“Gerrrr men koh tad,,, apa maning mbari ngrungokna lagu kiye tad,,”
Suroso sing njawab
“Lagu apa sih..?”
Ustad srugul molai penasaran.
“Ngko tek setelna ya tad,, tek lebokna salon anyar sisan ben suarane mantep.”
Jerene Suroso
“Ente arep nyetel lagu apa pamer salon so..??”
Ustade takon maring suroso
“Loroneng tad,,,!!!”
Suroso madan esmosi.
“Bat bat ya sing bongbong surosoooo…
Genah inyong tah wong takon tok..”


“no women no cry….”
“no women no cry…”
( lagune wa bob marley )


“Idih kayong tier tier men kyeh lagune..?
Lagu apa sih jane..?”

Ustade kayong menikmati nemen lagune
“Rika aja sembarangan tad,, !!!!
kiye sebenere dudu lagu sembarangan tad,, tapi puji pujian bar adan mbari ngenteni jama’ah
Adong nggone dewek kiye ya pada bae karo syiir tanpo waton dueke gus dur tad…”
Suroso semaur mbari nei kode ning Badrus
(Anbadrus paham kodene Suroso)
“Tek rungok rungokna kayong kepenak yah,,,,
Inyong di kirimi lagune ya gelem kweh.. mengko tek setel adan duhur kiye,,”
Lah pikep ning langgare wis bener nong tad,,,?
Anbadrus nakoni ustad srugul
“Wis di serpis deng darmo anake pak saryono koh jossss men suarane,,,!!!
Wis sag seg kiye wis jam 11 koh…
Age age di kirim, mengke sore ente ente pada ora maring ndi ndi mbok..?
Inyong arep nglanyahna pesbuk koh…
“Ora tad,,, inyong karo badrus ning umah
Madan wengian ya tad,, ben bojone inyong wis turu”
Suroso nyemauri pitakonane ustade,
“Oke sip…!!!”
Jerene ustade
Suroso ngirim lagu maring hp ne ustade,,
“toli kweh tad,, udude nyuled maning..”
“Ya kyeh inyong nyuled seler maning nggo batir balik…”
Ustad Srugul ngucluk balik


( 1 jam kemudian)


Ustade nyetel lagu sing di kirim Suroso ning langgar ar-rohman banget rosane
Mbari njajal pikep ndean rah…


“no women no cry….”
“no women no cry….”


Suroso ngguyu nganti kepoyuh poyuh
Anbadrus nggeglek nganti kapiselek kaya keloloden jengkok..


(semene disit ceritane lurrrr,,,,,mengko tek sambung maning)

0 komentar:

Post a Comment