Home » » Obat Masuk Angin

Obat Masuk Angin



Obat masuk angin


Wong jawa adong masuk angin kiye biasane di obati deng dewek
Mbuh njaluk tulung di kerok.i ning bojone ning biyunge ning yayune mbuh ning adine
Kadang ya ana sing njaluk tulung di kerok.i deng tanggane
Utawa njaluk tulung ning batire
Sing kaya kiye kye biasane lagune bocah ning perantoan mbuh bocah kos kosan
Sing biasane adoh sing sedulur lan wong tuwa
Masuk angin kye bahasa jawane mbuh apa…?
Soale adong mlebu angin ya kayong kurang pas lan kurang cocok.
Apa maning manjing angin…
Mlebet angin, pinarak angin ya kayong ora kepenak ning kuping
Ya belih lurrr….?

Adong Bahasa Indonesia.ne tah yah “masuk angin”
Dong bahasa inggris.e ya lewih ruwet maning
Soale wong landa kye langka sing masuk angin
Penyakit masuk angin kiye ya anane mung ng negerine dewek
Bahasa inggris.e masuk angina kye kurang lewieh kye
“Rub back use coin or spoon with onion or oil”
Nggosok gigir nggo diut receh utawa sendok karo bawang abang lan lenga/minyak
Kwe inyong ya jere kang Tahuri sing tau mranto ng Belanda nganti 7 taun
( kang Tahuri kari mranto ngunggkuli bang toyib )

Lah inyong banjur takon…?
Apa ora kurang dawa kuwe kang,,,?
Jere kang Tahuri tah ya kaya kue bahasa inggrise masuk angin
Mbuh bener mbuh belih tapi ndean tah ya kurang lewieh kaya kue
Ya mbok maddd…?
(amad di takoni ora gelem semaur)
wong kuna kye adong masuk angin umume ya di kerok bar kue nginum sing anget anget
kaya tah wedang jae, teh manis sing anget
adong kurang panas ya biasane minum aspal goreng….
Ha ha ha…            

Jere biyung Darsem wong dukuh mingklik kye masuk angin kuwe pertanda kenang ababe neraka,,,
Inyong dewek ya ora patia ngandel ning ngendikane biyung Darsem
Soale biyung Darsem kiye adong di jek gontok – gontokan
Dadi dawa dawa ula alias pepesan kosong
Kari di takoni ya semaure “ora ilok”
Jere kang Brodiman sing wong Bantarkawung kye ora ilok pada bae karo “pamali”
Utawane hal hal sing ora olih di langgar  utawa di lakoni tanpa sabab musabab sing jelas
Biyung Darsem kye omongane kaya kudu kudu di gugu
Inyong ngomong sekecap biyung Darsem pitung puluh kecap
Jan plek kaya bakul jamu ning wagean sing jamune siji tapi bisa nggo ngobati 1734 penyakit
(akeh men mbok,,,,)

Sing kari ngomong nganti cangkeme metu umpruke
Kaya lubar minum R*ns* cair sing iklane  artis darus sinatra
Ngomong awit  jenggelek turu alias jam enem esuk nganti temekang jam sewelas awan
Ora liren nginum, madang, udud, apamaning nguyuh..
Pokoke nggacor terus kaya manuk kenari.ne mbah Dul Latip wong RT 12
Biyung Darsem kye ora bisa njelasna sing logis utawa tinemu akal
Kwe adong bar di kerok kan pada nglemeng abang ning gigir
Kwe tandane bar di gebug malaikat
(malaikat sing tukang nggebug sih malaikat sapa yah lurrr….?)
Mbuh bener mbuh ora tapi nyatane masuk angin kiye obat sing paling manjur ya di kerok kuwe,,,
Ora susah priksa nganggo BPJS ning dokter apa maning tukuni jamu “tolak ang*n”

Percaya apa ora ya kuwe tah karepe rika rika pada wa….
Sing penting pada bongbonge…

0 komentar:

Post a Comment