“Assalamualaikum… kulonuwunnn….”
Ustad Srugul uluk salam maring Suroso karo Anbadrus sing
lagi njagong karo umek hp
Ora ketinggalan kopi karo udude mbatiri..
Walaikumsalam… monggo…
Suroso karo Anbadrus semaur kompak nemen kaya wong lagi
upacara 17 agustusan
“Dih rika nong tad,, mene kyeh mlebu,,,”
Ustad Srugul njagong ning rusbang..
Rika sing endi tad,,? Gasik temen kaya pitik koreh..
Eh.. kiye inyong tes ngisi pengajian ning peguyangan lah
balike mampir mene
Kayong lawas koh ora jublegan karo ente ente pada…
Lawas apane sih tad,,, nembe rong minggu mbok rika jublegan
karo inyong..
Rika neng wingineng njaluk lagu regge ning inyong,,,
udud kweh tad,, ana rokok pirang pirang sekarepe rika pan
milih sing endi,,
samsu.. apa njajal rokok sing ana gambare jaran adep adepan ya enak tad…
ngko sisan tek gawekna kopi..
Suroso nawani maring ustad srugul.
“kayong cocok kweh….”
Ustade nyuled rokok banjur takon maring Anbadrus.
Drus ente sih sih jan jane nyambut gawe apa..?
Tek sawang sawang kayong kepenak nemen,, rokok njeprah duite
ya pirang pirang..
Toli mung usrek umek hp bae awan wengi,,
ente nyambut gawe judi onlen apa..?
Ustade nakoni pegaweane Anbadrus.
Hisss… rika aja suudon rah tad….
Anbadrus semaur karo mecucu..
Lambene njubris nganti 25 senti.
“Inyong kye lagi pesbukan tad,, mbari dodolan ning pesbuk..
Lah dodolan ning pesbuk sih keprimen maning kwe,,, apa
bisa,,?
“Ya bisa rah tad,,”
Suroso sing njawab mbari ndelah kopi sing kebul kebul ning
meja,,,
Rika arep dodolan ning pesbuk ya mengko tek waraih,,
Mbok menawane rika arep nawakna rajahan nggo mager umah ben
ora kelebon genderuwo karo watu akik sing bisa nggo mabur ya olih tad,,,
Husss… ente tah kari ngomong seporete.. kaya bakul jamu ning
wagean bae,,,
Ustad Srugul semaur,,,
Ahire wong telu mau pada sepakat gawe pesbuk nggo ustad
Srugul
(ustad Srugul kye wong kumprung alias gaptek, gagap
teknologi
Awit cilik uripe ng pondok lan umah bae,,, dadi ya maklum
lah adong madan ketinggalan jaman)
Anbadrus karo Suroso kye bocah paling mbencinat
Ora sapa bae kye di kerjani mbuh bocah cilik, mbuh batire
dewek, mbuh wong tua,,
Anbadrus karo Suroso kye kayong ora perduli…
“Kye sarate apa bae gawe pesbuk..?”
“Madan ruwet tad,, rika nggawa potokopi KTP karo buku nikah
ya tad,,,
Karo map sing warna ijo mengko tek tatakna ding inyong..”
“Sedina dadi apa ora kwe..?”
“Dadi lah tad.. sing penting persaratane lengkap.”
“Ya wis adong kaya kue tah,,, inyong tek balik ndisit njukut
persaratane, mumpung dina kiye inyong nganggur,,”
“Sag seg ya tad,,, ben dina kiye rika ws bisa pesbukan toli
aja kesuwen njikot persaratane
Sedekan kopine adem…”
“Iya iya,,, nyong tek balik ndisit,,,”
ENG ING ENG….
“Ustad Srugul kayong giras nemen nggawa persaratan sing arep
nggo gawe pesbuk.
Kyeh apa baene wis komplit kaya jajan pasar,,”
“Njajal tek cek ndisit ya tad…”
(Anbadrus karo Suroso ngecek persaratane,,)
“Lengkap kyeh tad,,, “
“Pertama rika maring KUA ndisit ya tad,,
Ngomong bae arep gawe pesbuk mengko map sing ana persaratane
di nekna ning petugase,,
Ben lancar kaya bis sinar jaya ning tol cipali kwe ning
njerone di dokoni kertas sing ana gambare jendral sudirman ya tad,,,”
“beresssss aja kawatirrrrr..”
Kye inyong langsung menuju TKP bae apa…?
Jerene ustad srugul..
“Lebih cepat lebih baik tad,,,
Kaya iklane pak jusuf kalla nyalon presiden”
Ustad Srugul bring bae mangkat maring KUA…
( 1 jam kemudian )
“primen tad,, beres mbok…?
“Ihhh….. ajibbb pegawe KUA saiki pada bersih bersih nemen
yakin druss…
Tek nei duit ora di tampa,, inyong salut yakinnn…”
“Primen kue tad,, urusane rika ws di terima mbok…?”
Anbadrus nakoni ustade,
“Anu druss inyong kon maring puskesmas..
Kon njaluk surat keterangan sehat lahir batin deng pegawe
KUA,,”
“ Lah rika ws najluk surate durung,,?”
“Wis yahhh….!!!
“Kyeh surate,,
Inyong kon njaluk keterangan ning RT RW ndisit.”
Ustad srugul nidokna surate,
“Ya wis rah rika maring RT lan RW.”
Ustad srugul semangat 45 meluncur maring RT ne…
(1 jam kemudian)
“Ente ente kye pada kurang ajar karo inyong yah…
Wong tua di kerjani bae…!!!!
Ustad Srugul mecucu campur dugal extra kesuh karo ngomyang
pirang pirang maring Anbadrus karo Suroso
“ ngerjani primen tad,,,?”
Suroso pura pura ora ngerti.
Primen primen ndasee…!!
Inyong di balangna mana mene di gawe kaya kitiran muter
muter kon maring KUA segala nuruti lagune ente ente pada sing tengik
kelakuane…!!!
Kyeh nyong wis di gawekna pesbuk ding anake pak RT..
Ora susah kedangsakan munyeng munyeng..
Dasar kunyuk ente nete pada…!!!!
“Lah ya sing sabar tad….”
“Sabar sabar waduke…!!”
“Wis di gawa madang bae kyeh tad,,
Lawuh jangan kulit so..
Mengko ora dugal maning…!!
Rika mbok ustad,, jerene ustad kye kon kudu sing sabar…”
Suroso cengengas cengenges…
Anbadrus ngempet lara waduk weruh tandang polaeh Ustade..
BERSAMBUNG…
Comments
Post a Comment