Setingan
Kang rika ngesuk sore nonton final bal indonesia karo tailan ora..? kang waud takon maring kang jastro "Mbuh kang.. Tipine lg rusak koh..!!" "Lah adong rusak ya di dangdani mbok kang jastro.. aja di jor bae..!!" Kang srugul melu nyaut "Di dangdani nggone kang samsul bae kang jastro wingi tipine inyong be di dangdakna ng gone kang samsul 2 dina wis beres.." Kang abid nyaut "Ora arep tek dangdakna kang..!! Arep tek jor bae kiraneng inyong bisa ketuku tipi sing anyar Adong tipi kiye di dangdakna inyong ora bakal kecandak tuku tipi sing tipis kaya gorengane yu sri, inyong lagi ngarang tipi anyar sg tipis ben bisa tek gamblokna ng tembok" Kang jastro semaur "Sing 45 in sisan kang..!! Dadi di deleng marem..!!" Kang waud nyeletuk "Bener rika kweh kang waud..! Adong ukuran semono tah di deleng marem mbuh nonton bal apa pilm gambare gede gede tur gamblang" Kang srugul semaur "Adong tipi...