Home » , , » Setingan

Setingan




Kang rika ngesuk sore nonton final bal indonesia karo tailan ora..?

kang waud takon maring kang jastro

"Mbuh kang..
Tipine lg rusak koh..!!"

"Lah adong rusak ya di dangdani mbok kang jastro..
aja di jor bae..!!"

Kang srugul melu nyaut

"Di dangdani nggone kang samsul bae kang jastro    wingi tipine inyong be di dangdakna ng gone kang  samsul
2 dina wis beres.."

Kang abid nyaut

"Ora arep tek dangdakna kang..!!
Arep tek jor bae kiraneng inyong bisa ketuku tipi sing anyar
Adong tipi kiye di dangdakna inyong ora bakal kecandak tuku tipi sing tipis
kaya gorengane yu sri, inyong lagi ngarang tipi anyar sg tipis ben bisa tek gamblokna ng tembok"

Kang jastro semaur

"Sing 45 in sisan kang..!!
Dadi di deleng marem..!!"

Kang waud nyeletuk

"Bener rika kweh kang waud..!
Adong ukuran semono tah di deleng marem
mbuh nonton bal apa pilm gambare gede gede
tur gamblang"

Kang srugul semaur


"Adong tipine rika gede tah inyong bakale kerep ngendong nggone rika kang
Lewih lewih adong ana bal balan"

Kang abid ndukung kekarepane kang jastro

"Kebeneran 3 dina maning ana pinal bal balan indonesia karo tailan
Rika tuku tipine ngesuk bae kang jastro
Ngko sisan tek rewangi masang tipine
mumpung anake inyong libur kerjane dadi mbok butuh bor utawa liane bisa nganggo peralatane anake inyong"

Kang abid ngimbuih semangat


"Ngesuk rika maring ndi kang abid..?"

Kang jastro takon maring kang abid

"Ora maring ndi ndi keprimen sih..?"

Kang abid semaur

"Kebeneran kyeh..!!
Ngesuk melu inyong maring Bumayu ya..
nggolet tipi sg paling gede..!"

Kang jastro ngejak kang abid

"Arep nggolet apa arep tuku kang jastro..?"

Kang srugul ngledek

"Hahaha ya tuku lah kang srugul
ilok arep nyolong..??"

Kang abid semaur

"Beres kang jastro ngesuk esuk esuk inyong meluncur nggone rika kang jastro
jam 8 an ya.."

Kang abid semangat nemen

"Beres kang abid...!!"

Kang jastro semaur

"Kye karo rika rika pada arep ndukung endi indonesia apa tailan kang..?"

Kang waud takon

"arep di wolak walik kaya apa inyong tah tetep ndukung indonesia kang waud..
bagena elek kue tetep timnase dewek..
Sg kudu di dukung lan di dongakna ben menang"

Kang srugul njawab

"Arep badekan karo inyong apa kang srugul
inyong nyekel tailan..
sg bener di upaih rokok.."

Kang waud nantang kang srugul

"Mbayuh kang waud inyong ora bakal mundur..!!
Rokok Pirang bungkusan ..??"

Kang srugul semaur PD nemen

"2 bungkus bae kang srugul..
inyong lagi madan seret duite.."

Kang waud njawab

"Ya ora papa kang waud..
Kiye dil yah..!!"

Kang srugul takon maring kang waud

"Beres kang...!!"

Kang waud semaur

"Rika lagi kenang apa apa kang abid..
Cegigas cegigis dewekan.."

Kang waud takon maring kang abid.

"Kiye kang..
Krungu rika badek badekan bal balan inyong dadi kelingan berita mau mbengi..
Perkara bal balan ng indonesia sg wis di kuasai mafia..
kiye rika wong loro contoeh..
Rika karo kang srugul tah kelas ecek ecek alias kelas coro..
Lah sing nduwuran kiye kelas atas aing ndue wenang ngatur skor bal.."
"Dadi skor bal kiye wis di tentukna adoh adoh dina
Ora penting sing menang sapa
Sing penting nuruti kekarepane bandar.."

Kang abid njlentrehna

"Jan jane ya ora mung rika tok sg dugal kang abid
pribadine inyong pun melu kesuh krungu berita bal balan sing wis di seting hasil ahire.."

Kang waud nyeletuk

"Lah mbuh kono lah..
ning negarane dewek kye apa bae serba setingan kang..
ora sinetron..
ora pilian lurah
ora pilian presiden kabeh wis di seting kang..!!"

Kang jastro melu semaur.

"Bener kweh kang jastro..
Krungu berita kaya kue inyong dewek melu gemremet waduke..
kapan ana bal balan inyong karo bojo kudon rebutan remot inyong karepe nonton bal
Bojo karepe nonton sinetron
kadangkala inyong wegah breweh suka ngalaih melu nonton nggone kang ripin.
Ujare inyong sinetron kiye anu goroh tok kabeh wis di seting
Ehhh....!!!
 ora menaha inyong uga ketipu jebule bal balan kye ya pada bae karo sinetron anu setingan kabeh..!!"

Kang srugul ngimbuih.

"Tapi kaya ngapa bae awake dewek kudu tetep semangat kang..
Muga muga bal balan ning indonesia bisa bener
lan bisa nembus piala dunia kang..!!"

Kang waud nei semangat

"Bener kweh kang waud..!!
Yu sri punten kiye di total kabeh..
Tek bayar deng inyong..!!"

Kang jastro nraktir kanca kancane.

"Rika duite akeh yah kang jastro..
Kiye nraktir ngesuk arep tuku tipi..
mbarah rika olih rejeki sing endi...??"

Kang waud takon maring kang jastro

"Anu kang waud..
Duit olih menang totoan bal balan wingi..!!"

Hahahaha
Wong papat gemuyu kompak nemen krungu jawabane kang jastro


Bumiayu, 26 april

0 komentar:

Post a Comment