Hukum Merokok
Hukum Merokok
Lubar sholat isa ustad srugul meluncur nggone sahabat karibe
ustad Sudarmo
Sanajan biyen wong loro kue mondok ning ponpes alias pondok
pesantren sing pada
Nanging ustad srugul karo ustad Darmo sering gontok gontokan
perkara hukum hukum agama
Salah sawijine hukume merokok alias udud.
Salah sawijine kaya kiye
lurrr….
“assalamualaikum…”
Ustad srugul uluk salam maring ustad darmo.
“waalaikum salam…
Ehhh ente nong gul…
mene gyeh mlebu..”
“Primen kabare gul…?”
Ustad darmo sumeh nemen ketekan sahabat karibe alias jekwire
( jekwir = teman dekat/sahabat . bahasa cah enom Bumiayu)
Alhamdulillah mo inyong sehat.”
Ente keprimen kabare..?
Ustad srugul gentian takon kabar sahabate,
“ya Alhamdulillah lah… gering gering ya nesih doyan
mangan,,,
He he he….”
Ustad Darmo njawab mbari guyonan.
“Ma.. ma… tulung gawekna kopi kyeh nggo srugul..
Inyong ya sisan di gawekna,,”
Ustad darmo gendoakan prentah maring bojone sing lagi uplek
ndeleng sinetron ning ruang keluarga.
“ya pa… ngko adong iklan ya,,
Soale lagi serumen sinetrone..”
Rohanah semaur sing njero
Ustad srugul ngetokna rokok
Mbari nawani Darmo..
“udud mo..”
“Inyong wis ora udud gul.. wis olih rong dina..”
“Lah bisane…?”
“Pertama kiye nggo kesehatan,,,
Pindone ya rokok kwe haram hukume gul..
Sebab langka manfaate.. malah nggawe penyakit tok..”
“Apa iya nong…?”
“Iya lah…”
“Ente jere sapa sih mo…?
Sa’elinge inyong rokok kwe makruh mbok mo…?
Pada waktu kue ente ya nesih ning pondok karo aku mbok
Nalikane abah kyai ngendika hukume rokok..?”
“ya bener kweh gul…
Ning inyong beda pendapat karo kyaine..
Inyong netepna hukume rokok kye haram…!!
Ente arep udud bae ya monggo arep melu inyong ya
Alhamdulillah gul…”
“Kiye adong inyong beda pendapat karo ente ora papa mo…?”
“Ya ora papa… awit bien ge ente karo inyong tah wis sering
beda haluan mbok gul…?”
“beda haluan tah ya ora mo… ning beda pendapat tah iya,,,?”
“Adong ente arep ngaramna udud ya monggo inyong ya setuju
setuju bae,,”
“Tapi ente tek nei penjelasan kyeh mo….
Udud kye ora haram tur ora gawe penyakit..!!
Rohanah metu nyandingna kopi…
“Kopine kyeh tad…”
“Iya matur nuwun..”
Ustad srugul ngiling kopi ning lepek…
“Primen kwe gul keterangane ente… perkara rokok…?”
Ustad darmo nakokna penjelasane ustad srugul.
“Kye tek lanjut kyeh….
Udud kye mung gawe penyakit sejenis tok mo…
PARU-PARU lah wong sing ora udud kye kenang penyakit
RUPA-RUPA…. Alias pirang-pirang
Ana jantung ana setruk ana kolesterol…
Geh jajal bae,, mengko ora sue maning ente kenang penyakit
pirang pirang mo…
Salah sawijine penyakit sarap..!!”
“ndasmu….!!!
Ente kari ngomong ndongdong porong gul…”
“he he hee….
Lah perkara sing nomer loro kye inyong ya setuju karo ente mo..
Rokok makruh ya inyong setuju..
Rokok haram ya inyong setuju…”
“lah adong haram neng kudune ente prei udud rah gul…”
Ustad darmo njelasna..
“lah kiye penjelasane mo…
Makruh tah kan ora dosa,,,
Lah adoong haram tah kan dosa..
Hukume maring perkara sing haram kiye kan dewek kudu mbasmi
iya mbok mo…???”
“Seratus persen cocok gull..!!!
“Tapi bisane ente nesih udud bae..?”
“Kye kaya kiye mo..”
Ustad srugul nyuled rokok .
“Sing arane barang haranm kiye kudu di basmi lah inyong karo
ente kan wis sepakat hal kue..”
“iya bener gull… terus..?”
“inyong tek takon mo…”?
“Takon apa mbarah…?”
“Ente wani ngobong pabrik..?”
“pabrik apa.. pabrike sapa..?”
“Ya pabrik rokok..!!!”
“ente ora waras apa gul…?
Ngobong pabrik sih inyong pengin di krangkeng apa…?”
“Lah ngobong warung sing dagang sih ente wani mo…?”
“Ente tah pitakonane aneh aneh bae gull…?”
”Dadi kaya kiye mo…
Inyong ya pada bae kro ente…
Ngobong pabrik rokok ya ora wani,, ngobong warung sing
nyanding rokok ya ora wani…!!”
“Lah terus..”
Ustad darmo njaluk penjelasan maning.
“Inyong udud ya pada bae mbasmi perkara sing haram mo…tapi
mbasmine mipil siji siji..
Lah kiye buktine,,,, sedina inyong wis mbasmi utawa ngobong
perkara sing haram sebungkus sebungkus,,,”
“Wadukmu amblessss….!!!!”
Ustad darmo mecucu marang ustad srugul mbari nyawel rokok
234 dueke ustad srugul.
“inyong tek ngrewangi ngobong barang haram gull….!!!”
“mbayuh mo….!!!”
Comments
Post a Comment