Home » » SINAU BARENG BAB 1

SINAU BARENG BAB 1



Alhamdulillah sekabehe puji kagungane gusti kang murbeng dumadi
ingkang sampun maringi pinten pinten kenikmatan kang mboten saged keetung
solawat ugo salam kulo aturaken dumateng kanjeng nabi, kaluarga, lan sohabat,lan kito umate mugi mbenjing ng yaumil  kiyamah saged angsal syafate lan kagolong umate.

Mlakune urip sing bener bener mlaku
esuk ngenteni awan
wis awan ngenteni sore
wis sore ngenteni wengi
wis wengi ngenteni esuk

Mugi kito sedoyo keparingan rohmat gusti kang moho welas

                                                                                                                “santri  mblunat  tapi manut”


perkara sunah lan tata karma sedina dina jilid I

1.       Bab thaharah ( bersuci )
2.       Bab istinja
3.       Bab mandi
4.       Bab adzan lan iqomat
5.       Bab wudhu
6.       Bab shalat
7.       Bab shalat berjama’ah
8.       Bab wirid selubare solat
9.       Bab shalat sunah
10.   Bab do’a
11.   Bab puasa
12.   Bab tilawah al qr’an
13.   Bab dina jum’at
14.   Bab khotbah jum’at
15.   Bab hari raya / bada
16.   Bab kurban
17.   Bab masjid
18.   Bab majelis
19.   Bab ucapan / omong omongan
20.   Bab safar ( perjalanan )
21.   Bab pakaian lan berhias
22.   Bab rambut, kumis, janggut, kuku
23.   Bab mangan
24.   Bab minum
25.   Bab wengi wengi / malam hari
26.   Bab turu
27.   Bab tangi turu
28.   Bab siwak
29.   Bab tetanggahan / tetangga
30.   Bab mlebu pasar
31.   Bab adol – tuku
32.   Bab utang – piutang, pinjam - meminjam
33.   Bab peweweh / hadiah, sedekah, pemberian
34.   Bab salam, izin
35.   Bab lara/sakit,berobat
36.   Bab ngendong/bertamu,undangan
37.   Bab tilik wong lara
38.   Bab dolan, guyon, hiburan
Sadurunge njaluk gunging pangarsami, mbok bilih wonten salah, keliru, luput, lan perkara perkara sing ora bener, ora apik, kurang sopan, ora teliti, kurang jelas kabeh mau wis dadi sifate sing nulis
njaluk donga lan njaluk di benerna menawa ana sing salah lan keliru lan sapiturute
inyong sing nulis nesih tahap “ngangsu” tahap ginau tahap belajar adoh sing pinter apa maning bener
Anane inyong nulis kiye ya kanggo pepeling maring awake inyong dewek
sing lagi nggoleti sejatineng urip sing urip
1 Bab thaharah ( bersuci ) lan tata kramane

- miturut bahasa “thaharah”artine kurang lewih ; bersih lan suci sing sekabehe kotoran, sing nyata kayatah najis lan sing ora nyata kayatah wirang utawa aib
sedenge miturut syariat “thaharah” artine : nglakukna perkara ben bisa sholat lan perkara perkara sing sehukum kayatah wudhu, mandi besar, lan ngilangna najis sing pakean, awak lan tempat sholat
 ( al – maidah : 6 )
- Gusti Alloh dawuh ; lan pakeanmu resikono/bersihono
“dan pakaianmu bersihkanlah” ( Al-Muddatsir : 4 )
- satemene Gusti Alloh seneng marang wong kang tobat lan seneng marang wong kang nyucikna awak
“sesungguhnya Alloh menyukai orang orang yang gemar bertaubat dan menyukai orang  orang yang mensucikan diri ( Al baqarah ; 222 )
- nyucikna utawa thaharah separo iman
Bersuci atau thaharah adalah separuh dari iman (muslim)

Hikmah Thaharah
·         Thaharah kelebu perkara fitroh. Fitroeh menungsa seneng marang perkara perkara sing bersih
lan ora seneng marang perkara sing cebrik lan njijeni
·         Njaga kehormatan awak,lan harga diri
wis dadi jumat lumraeh menungsa seneng kumpul karo kanca batir
bahasa bumiayune “ndopok bareng”
sababe menungsa kue mahluk social, mahluk sing  ora bisa urip dewekan
islam ngarepna muslim kue ndueni kehormatan lan harga diri
·         Njaga ksehatan, salah sawijineng dalan nggo njaga kesehatan kue mau ya perkara kebesihan
kebersihan awak sing utama, selain papan panggonan lan lingkungan
adus, raup, wisuh tangan, wisuh sikil, utawa wudhu ndueni fungsi nggo njaga kesehatan
·         Ngibadah maring pangeran nalika suci utawa ora ndueni hadas
sa’temene pangeran iku seneng marang wong sing seneng tobat lan wong sing bersuci

Maceme Thaharah

·         Bersuci saka najis
·         Bersuci saka hadas

Banyu nggo ngilangna hadas utawa bersuci

·         Banyu sing mudun saka langit, kayatah banyu udan, udan es, lan sapiturute
Allah turunkan dari langit air yang sangat bersih untuk bersuci (Al Furqaan ; 48, Al Anfal ; 11)
·         Banyu sing mudal saka bumi, kayatah banyu sumur, banyu tuk, banyu kali ,laut
·         Karena laut itu sangat suci airnya danhalal bangkainya ( Abu Dawud, Tirmidzi, Nasa’I, IbnuMajah, Ahmad)


Pembagian banyu

·         Banyu sing suci tur mensucikan ( Thahir Muthahir )
banyu mutlak ya kue banyu sing nesih ndueni sifat asli nalika di ciptakna dening gusti alloh
( Bukhari )
·         Banyu suci tur mensucikan tapi makruh (Thahir Muthahhir makruh )
banyu musyammas, yoiku banyusing kena panase serngenge utawa matahari
dadi makruh lantaran
-ana ning negeri sing banget panase
-di wadaih ning wadah sing gawene dudu nganggo emas lan perak,
kayatah, wesi, tembaga, lan logam apa bae sing bisa di bentuk, utawa di tempa
-banyu kue di gunakna ning awake menungsa utawa kewan ( Umar ra., Asy Syafi’i )
·         Banyu suci ananging ora mensucikan ( Thahir Ghairu Muthahhir )
- banyu sing secuil sing lubar dingo bersuci sing fardhu ( Bukhari, Muslim )
·         Banyu sing kena najis ( Mutanajjis )
yoiku banyu sing kena najis banyu kiye di bagi rong macem ;

* banyu secuil, yoiku banyu sing kurang saka 2 kulah
banyu kiye di hukumi najis sanajan najis sing ning banyu secuil lan ora ngrubah sifat – sifate banyu, kaya warna, mambu, lan rasa, ( Muslim, Al Khamsyah, Abu Dawud )

# ukuran 2 kulah = 500 kati Baghdad = 192,857 kg = 60 cm kali 60 cm kali 60 cm = 216.000 m3


*banyu sing akeh, yoiku banyu sing lewih saka 2 kulah
banyu kiye di hukumi ora najis sanajan kelebon najis
banyu kiye dadi najis umpamane bisa ngrubah perkara sing telu yoiku warna, rasa, lan mambu
umpama rasane wis rubah,sanajan rasa lan mambune ora rubah banyu kue tetep di hukumi najis ( Ibnu mundzir, Imam Nawawi )

wallahu a’lam


semene ndipit lur,,,
ngko tek sambung maning

0 komentar:

Post a Comment