Home » , » Anoman ObboonNGGG

Anoman ObboonNGGG



Anoman Obooonnggg


Prabu Rama prentah maring Anoman, kon tilik maring Negara Alengka
sabab musabab utawa perkarane berita sing ora jelas juntrungane ning ndi manggone Dewi Sinta bojone Prabu Rama.
Prabu Rama milih Anoman mergane Anoman kiye nduweni kesaktian sing jadug utawa linuwih bahasa indonesiane kiye ya “sakti mandraguna”
seliane sakti Anoman ya bisa mabur kaya pesawat Sukhoi gaweane negara Rusia ben perjalanane lewih cepet soale maring negara Alengka kye ngliwati laut lan kali sing amba tur dawa.

geliseng cerita..

Anoman ngadep maring Prabu Rama poyan karo njaluk sangu nalika Aanoman pamit
Anggada ( anake Subali & Dewi Tara ) njaluk maring Prabu Rama ben deweke sing di nei order.

Anoman karo Anggada tungteng karo wel –welan ngrebutna tugas sing di nei deng Prabu Rama adong cara saiki ya “kompromi politik”
prabu rama misah supaya wong loro kue mau ora menggunakan kekerasan anggone rebutan tugas sing di nei prabu rama wong loro kue mau di jagongna bareng di jek medang lan kanda kandahan karo nyang nyangan / tawar menawar

Anoman karo anggada nekna proposal maring prabu rama
anoman nyanggupi sepuluh dina tugas sing di nei prabu rama bakal beres
anoman nyanggupi sepuluh dina mergane maring alengka kye adoh lan bakal nemuni alangan sing kaki tangane prabu dasamuka
anggada nyanggupi pitung dina
anoman ngeyang limang dina
anggada nyanggupi mung telung dina di jamin beres tur garansi 100%
anoman kukur kukur padahal ora gatel anoman ahire nyanggupi tugas sing di nei prabu rama bakal rampung mung sedina

Anoman ahire menang tender tugas sing di nei prabu rama bakal di laksanakna deng anoman.
anoman di batiri deng punakawan semar, petruk, gareng, bagong.
ben ning perjalanan gampang punakawan kue mau di lebokna ning gelungane anoman
jan jane wong di lebokna ning gelungan kiye cerita sing kayong ora tinemu akal lur..!!!
tapi yong riwayat kuna ya di gawe gampang lan sederhana tur ora njlimet alias ora kakean prosedur.
adong cara saiki ya para punakawan kue mau di wadaih gerdus ben bisa di cangking deng anoman.

Esuk uput uput wayah jago kluruk anoman meluncur maring kayangan njaluk tulung maring batara Surya ben serngenge di jiret supaya ora mingser maring ngulon
Batara surya ora gelem nuruti jalukane anoman, anoman maksa bae akire pada gontok gontokan lan gelut, lagi rahat – rahate gelut semar misah anoman karo batara surya ben ora gelut.
ahire semar dewek sing njaluk tulung maring Batara Surya ben apa sing di karepi anoman kye keturutan. Merga Semar sing njalukna ahire Batara Surya manut maring jalukane anoman mergane semar kiye “Sanghyang Ismaya” ya kue bapane Batara surya dewek.
anoman njaluk ben serngenge di jiret nganti anoman balik maring Pancawati.
batara surya njiret serngenge pas  lagi nggampleng nggamplenge alias panas stadium 4.
wayah sing lagi pas lan cocok nggo nyetel tayup utawa lengger lan leyeh leyeh ning rusbang
awan kue bakal dadi awan sing banget suwene

Anoman mabur ning awang-awang maring negara alengka nalika ning nduwure lautan hindia
anoman kayong di godogi mbuh apa, anoman kayong runtag lan bola basean anoman kesedot kekuatan sing dahsyat ahire anoman ketarik kekuatan sing dahsyat kue mau mlebu maring wetenge raksasa
raksasa kue mau arane wil kataksini, sing ndueni tugas njaga laut alengka
anoman bolabasean ning njero wetenge wil kataksini nendang karo nyakar ndupak nyikut ning njero wetenge raksasa kue mau, raksasa kue mau wetenge krasa ora beres lan mules ahire wil kataksini muntahna anoman metu sing njero wetenge, wil kataksini krasa mumet lan lara wetenge kaya kena penyakit komplikasi lan ahire rubuh alias njungkel,wil kataksini mati

anoman pengrasa di balangna nalika di muntahna deng wil kataksini
anoman tiba/mendarat ning daerah pegunungan sulawegiri
daerah sing cocok nggo nyusun pertahanan prabu rama adong arep nyerang istana alengka
daerah sing kue mau ya pas nggo mata matani pasukane prabu dasamuka
gara gara di mutahna deng raksasa lan “ take off” ora sempurna
akire anoman ora bisa mabur maning
anoman ahire nglanjutna perjalanan maring negara alengka nganggo cara mlaku
adong cara etung etung - etungan dina normal tah ya anggone anoman mlaku kiye ya mbuh wis pirang dina bae
anoman sing wis keselen mlaku ahire semaput / pingsan
semar petruk gareng karo bagong metu sing gelungane anoman
nggolet panggonan nggo sitrohat / istirahat.

Ora adoh sing kono ana gua ya kue gua windu panggonane dewi sayempraba
bekas bojone prabu dasamuka dewi sayempraba ngopeni anoman nganti anoman sehat
mbuh pirang dina anggone dewi sayempraba angopeni anoman
sewise anoman sadar sing pingsan anoman anoman karo punakawan di nei panganan
anoman karo punakawan dokoh kari madang
lubar mangan karo medang anoman pamit maring dewi sayempraba
arep nglanjutna perjalanane maning maring alengka
dewi sayempraba naksir karo anoman dewi sayempraba ngalang alangi anoman ben ora meluncur maring alengka dewi sayempraba njaluk maring “KUA” melangsungkan pernikahan.
ning anoman nolak jalukane dewi sayempraba
tapi dewi sayempraba ndueni keyakinan mbuh kapan wayaeh anoman bakal balik maning maring goa windu panggonane dewi sayempraba
Anoman sing wis sehat lubar di rawat deng dewi sayempraba wis bisa mabur maning
durung sue mabur anoman weruh cleret sinar sing banget padange
gara gara weruh sinar kue mripate anoman paong alias buta
anoman kayong nelangsa anoman ngrasa deweke “gatot” = gagal total
nglakoni tugas sing di nei deng prabu rama anoman nangis nggerung nggerung
punakawan mapah anoman nggoletna wong sing bisa ngobati anoma
dasare awake anoman madan bejo tangisane anoman di rungokna deng manuk garuda sing arane sempati
sempati nyoba nulungi anoman sempati netesi matane anoman nggo iler sing metu sing cucuke
salubare di nei iler sing cucke sempati anoman bisa weruh maning

Manuk sempati cerita maring anoman bahwa deweke kye sedulure manuk jatayu
manuk jatayu kue mau sebenere arep nyelametna dewi sinta sing di culik deng prabu dasamuka
tapi manuk jatayu gagal nggawa dewi sinta maring ayodya perkarane prabu dasamuka
nyacag  nganti pedot gulu lan cewiwi’ne manuk jatayu
salubare manuk sempati kue ndongeng karo anoman
anoman ndueni keyakinan sing nyulik dewi sinta kye prabu dasamuka
anoman karo punakawan ngucapna matur nuwun maring manuk sempati
salubare kekes kekes alias nglebokna punakawan maring gelungane anoman
anoman mabur maring negara alengka

WWWUUUUSSSSSSSSSS……

Anoman sing mabur nggo kecepatan sing banget bantere
ora let sue wis butul ning alengka
Indrajid anake prabu dasamuka weruh clerete anoman sing mendarat ning istana
indrajid sing penasaran gupuh nggoleti mahluk sing di weruih deweke
anoman umpetan ning wit nagasari sing gembel godonge ning taman kembang
anoman glitusan nggoleti dewi sinta anoman ahire ketemu dewi sinta ning taman keputren asoka
prabu dasamuka nglirih nglirih karo madan maksa ben dewi sinta gelem di boyong manggon ning istana tapi kekarepane prabu dasmuka ora keturutan merga di aruh aruih dewi trijatha anake wibisana

Dewi trijatha ngejek dewi sinta maring taman kembang
taman sing ana wit nagasari tempat anoman umpetan
dewi trijatha ngejek maring taman kembang ben atine dewi sinta bungah lan ora sumpeg
anoman mlompat sing wit nagasari nemuni dewi sinta karo dewi trijatha
anoman njelasna maring dewi sinta bahwa deweke kye utusane prabu rama
di tugasna njemput dewi sinta balik maring negara pancawati
kanggo tanda bukti anoman nekna cincin sing di titpna prabu rama
dewi sinta sing wis gering taunen ora sedeng nganngo cincin sing di titipna deng prabu rama ning anoman
dewi sinta ora gelem balik maring ayodya adong dudu prabu rama sing marani
dewi sinta nitipna suri nggo prabu rama ning anoman
sajege dewi sinta urip ning negara alengka dewi sinta wis oratau surinan
durung rampung anggone anoman karo dewi sinta kanda – kandahan
indrajid wis ngepung taman asoka
anoman di tangkep deng indrajid karo pasukane
anoman sengaja ora nglawan nalika di tangkep deng indrajid
tujuane anoman ora nglawan ben anoman ngerti kekuatane bala tentara prabu dasamuka

anoman di gendeng gendeng di gawa maring alun alun kerajaan alengka
prabu dasamuka sing lagi rapat agung karo balakurawane, patih prahasta, kumbakarna, sarpakenaka, wibisana, lan anak anake prabu dasamuka karo kerajaan taklukane alengka
di nei kabar ana anoman ketangkep prabu dasamuka jengkel stadium 16.
Prabu dasmuka perentah maring indrajid ben anoman di gawa ning ngarep istana
di jiret arep di obong
kayu kayu di kumpulna ngubengi anoman
salubare kayu kayu di tata rapi ngubengi anoman indrajid karo pasukane lapor maring prabu dasamuka
nalika indrajid lapor maring prabu dasamuka togog salah sawijine abdi kerajaan alengka nekani anoman nei banyu sing di wadaih kendi salubare nginum banyu sing kendi anoman nei pesen maring togog ( togog jelmaan sanghyang antaga) benning nduwur umaeh togog di jiret nggo janur kuning.

ora let sue prabu dasamuka karo bala kurawane teka maring ngarep istana
Wibisana adine prabu dasamuka nei saran ben prabu dasamuka ngeculna anoman
ben balik maring negarane
prabu dasaamuka ora nggagas alias ora ngurusi kekarepane prabu wibisana
prabu dasamuka ahire ngobong anoman


GGLLAAAGGAAAARRRRRR

geni molab molab ngobong awake anoman
tapi anoman ora kobong salubare tali sing nggo njiret anoman ucul merga kobong
anoman mabur mbari mbalang mbalangna geni maring istanane prabu dasamuka
kabeh kerajaane prabu dasmuka kobongan perkara polaeh anoman
untunge umaeh Tejamantri togog sing di pasangi janur kuning ora kobongan
prabu dasmuka pakuasih maring umaeh togog
anoman mbalik maring pancawati salubare ngobong istanane prabu dasamuka

bathara Surya sing ngerti anoman wis balik maring pancawati
ngeculna jiretan serngenge
serngenge ahire mipil mingser ngulon


anoman lapor maring juragane
bahwa tugase deweke nyelidiki dewi sinta wis selesai
anoman nyeritakna dewi sinta sing setia maring prabu rama
prabu rama terharu krungu ceritane anoman
anoman masrahna suri sing dii titipna dewi sinta maring prabu rama
dewi sinta ora gelem balik adong dudu prabu rama sing marani

Prabu rama nyiapna perang nglawan prabu dasamuka
prabu rama nei pilian maring prabu dasmuka mbalekna dewi sinta apa arep perang.
prabu rama mulai nyusun rencana gawe jembatan molai sing negara pancawati maring daratan alengka----

0 komentar:

Post a Comment