Home » » Bebrayan

Bebrayan

Orat oret padange ati


Kang Jarkoni sing ndueni propesi dadi guru mahasiwa alias dosen
kaya dina biasane esuk uput uput wis mangkat maring kampung ehh kampus
kang Jarkoni di kenal wong sing apik karo sapa bae mbuh sedulur mbuh tangga
mbuh wong tua nom bocah cilik kang jarkoni tetep bae apikan
sing pada ahire kabeh wong pada ajrih maring kang Jarkoni

Seliane  di kenal apikammm…. eh apikan
kang Jarkoni uga di kenal wong sing dermawan
alias loman kang Jarkoni di anggep dadi tomas alias tokoh masyarakat
akeh pendapat pendapate kang Jarkoni sing di setujui saben ana acara
mbuh tah kue kumpulan RT mbuh kumpulan warga pendapate kang Jarkoni kaya kaya nengaih adong ana wong sing pada gede gedean otot gulu alias gontok – gontokan
kaya annggota DPR sing lagi rapat

Saben malam minggu kang Jarkoni nganakna acara kumpul – kumpul karo warga ning umaeh dewek sing pada teka ya sekabeane wong wong sing karep, ora tua ora enom intine wong wong sing pada teka bakal di sambut kaya sedulure dewek wong wong kue mau ya pada jagongan karo kanda macem macem ya politik, ya negara, ya  pertanian lah wis pokoke caca rucah kaya jajanan pasar
kadang kadang kang Jarkoni ngundang ustad sing kesane ora resmi kaya ning pengajian pengajian sing di siarna ning tipi

Wengi kue umaeh kang Jarkoni ketekan ustad Srugul ustad sing penampilane “ndeso”
sanajan ustad Srugul katone ustad ndeso tapi ustad srugul sejatine wis “go internasional”
kaya artis Indonesia sing arane agnes monica alias AGNES MO
ustad Srugul wis kerep maring luar negeri olih undangan sing duta besar duta besar negara – negara islam dadi pembicara nggo ngisi acara keagamaan
tapi penampilane ustad Srugul ora ana robaeh tetep bae kaya wong ndeso pada umume
wengi kue ustad Srugul njagong ning ngarep karo kang Jarkoni lan kang Waid sing dadi MC alias pembawa acara kang Jarkoni njagong ning ngarep mergane deweke ya selaku tuan rumah

kang Waid masrahna maring ustad Srugul ben deweke nei ceramah tapi ustad Srugul mung
cegegas cegigis tok kaya kaya ora gelem ceramah kang Waid sing wonge pinter omong lan pinter ngrayu tetep bae maksa maring ustad Srugul sing pada ahire ustad Srugul ora bisa nolak kang Waid sing kari ngomong ndangdang porong alias asal jeplak
ustad Srugul sante molai ngomong sekecap rong kecap mbari nyindir kang Jarkoni ben nggawekna kopi kang Jarkoni madan mesem ahire nggawekna kopi nggo ustad Srugul

Salubare kopi wis dadi ustad Srugul ngetokna pergelet sing tas adong rika ora paham pergelet kye toples kaca utawa plastik bening lurrr…
biasane nggo wadah jajanan adong dina bada utawa dugawe

pergelet mau di isi bal tenis deng ustad Srugul nganti kebek / penuh
ustad Srugul takon maring wong sing pada teka nggone kang Jarkoni

“wis kebek apa durung….?”

warga njawab ; “wis kebek…!!”

ustad Srugul ngisi pergelet sing ana bal tenise nggo in alias gundu alias kelereng
nganti pergelet kue mau kebek
ustad srugul takon maning maring warga

“wis kebek….?”

warga njawab ; “wis kebek…!!

ustad Srugul nyruput kopi mbari ngisi pergelet sing wis kebek  deng bal tenis karo in mau
nggo wedi alias pasir nganti rata kebek pucuke pergelet
kaya kaya wis ora bisa di isi maning
ustad Srugul takon maning maring warga

“wis kebek…?”

Warga njawab ; “wis kebek…..!!”

ustad srugul nyiram pergelet kue mau nggo banyu
nganti pergelet sing isine bal tenis karo in lan pasir teles jlebes alias basah kuyup
basah kuyup yah….!!! Dudu mandi basah..!!!

ustad Srugul molai njelasna maring warga sing jagongan nggone kang jarkoni
menungsa urip kue kaya pergelet saben – saben menungsa ndueni ukuran sing beda – beda
uripe menungsa kiye di bagi papat sekabeane adong bisa tah ya di lakoni

-sing pertama bal tenis
bal tenis kiye tegese perkara perkara sing gede kya tah tanggung jawab maring pangeran ya kue nglakoni perentaeh alias ngibadah
nyenengna wong tua, anak lan bojo, umah lan kesehatan lan seteruse

-nomer loro ya kue in / gundu / kelereng
in kue mau perkara perkara sing penting
kaya tah pegawean, sekolaeh anak, gantine sikil alias kendaraan lan sapiturute

-nomer telu kye wedi utawa pasir
wedi kue mau artine perkara perkara sing ana ning uripe inyong karo rika
kaya tah olah raga, mancing, pesbukan, piknik lan seteruse


usrad srugul nyruput kopi mbari nyuled udud
urip kue kudu bisa mbagine adong inyong karo rika ngisi wedi ndisit ya bal tenis karo in ora bisa mlebu merga wis kebek deng wedi utawa perkara perkara sing nyenengna awake dewek tok
lali kewajiban maring pangeran maring wong tua anak lan bojo
lah adong inyong karo nglebokna bal tenis disit, in karo pasir bisa mlebu
perkara perkara sing wajib kudu di disitna
ben perkara perkara sing gawe awake dewek seneng uga bisa di lakoni
ora kudu mewah kendaraan, ora kudu apik pakean
duit alias dunya durung tentu njamin begya ning alam dunya.
akeh wong sing dunyane ngadug adug tapi penyakite pirang – pirang
minum teh manis ora olih mergane diabetes
mangan sate ora olih, darah tinggi
mangan kiye ora olih mangan kiye pantangan sebabe “asam aurat”
eehhh asam urat….!!!
jantung, stroke lan lia liane.

nesih ora percaya…?

titeni bae anake dewek sing nesih cilik, jlajateng udan udanan bae bahagiane wis luar biassa
awake inyong karo rika due duit miliaaran ge senenge  ora bakal ngalahna anake inyong rika pada sing nesih cilik nalika udan udanan

bener apa bener….????

ustad srugul njlentrehna alais nerangna nganggo carane sing sederhana ananing tinemu ngakal

“ana sing arep takon apa ora…?”

kang Wasmad ngacung

“inyong tad…!!”

“Lahh sing banyu alias nomer papat apa tad…?”



Ustad srugul njawab ;

-sing nomer papat kue mau mesem, nyengir, ndopok lan ngopi karo tangga
adong papagan uluk salam
bagena awake dewek sibuke kaya apa aja nganti lali karo batir
karo tangga adong bisa tah ya kaya kiye kyeh jublegan alias silaturahmi
silaturahmi karo sedulur karo batir lan batir lawas
adong perkara papat kue mau di lakoni
uripe inyong karo rika bakal indah lan sempurna

adong nesih ora percaya ya monggo di lakoni dewek…!!!

0 komentar:

Post a Comment