Home » , » Petruk Dadi Raja

Petruk Dadi Raja

PETRUK DADI RAJA


Prabu “Wel Geduel Beh” kue gelar sing di dueni petruk nalika dadi raja ning Negara Lojitengara asal usule petruk dadi raja di molai nalika juragane Abimanyu lara/sakit nalika abimayu ketekan lara wahyu sing di dueni abimayu ya melu lunga, wahyu Maningrat, wahyu Cakraningrat, wahyu Widayat,
Wahyu Maningrta wahyu sing nyebarna bibit keratuan
Wahyu Cakraningrat wahyu sing njaga tetep dadi ratu
Wahyu widayat sing nglestarikna uripe dadi raja terus, abimanyu kue perantara sing bakale marisna dampar (tahta) Palasara, pendiri Astina maring anake ya kue Parikesit
Wahyu kue mampir maring Petruk. Nalikane dadi raja petruk mbutuhna dampar kerajaan Astina,warisane Palasara.
Petruk prentah maring patieh ya kue Bayutinaya (titisane anoman) lan Wisandanu titisane ( Wisanggeni- anake Arjuna).kon nyolong tahta Palasara.
Utusane Prabu “Wel geduwel beh” alias Petruk gawa dampar sing di karepna Petruk nalika Petruk njagongi Petruk kejungkel, Petruk sing penasaran terus nyoba tapi tetep bae ora berhsil alias GAGAL MANING… GAGAL MANING….!!!
Prabu “Wel geduwel beh” ahire nyerah, deweke di nei rahasia deng penasehat kerajaan ben ora kejungkel petruk kudu nduwe boneka sing bisa dillilng ( di lihat lan  di timang/emban) Petruk banjur prentah maring Bayutinaya lan Wisandanu kon nggolet boneka kue mau.Boneka sing di maksud ya kue Abimanyu sing lagi sakit.nalika di pangku Petruk terus njagong ning dampar/ tahta Abimanyu sehat.
“ko ora bakal bisa njagong ning tahta dong ora mangku inyong” jerene  Abimanyu.

“Ahire Petruk sadar deweke ora bisa dadi raja Petruk sadar deweke kye kawula,tugase mung mangkon/memangku raja, ben bisa njagongi tahtane, Abimanyu bisa njagong nig tahta raja merga di pangku Petruk,,.raja kye ora bakal bisa dadi raja adong ora di pangku wong cilik/kawula….” Petruk kanda kandahan karo lemah sing amba ning  ngarepe sing wis ora ana tandurane,alias gundul merga wit witane di jarah/ di colong”
mbiyen petruk ora ngerti bisa wahyu kue lunga ninggalna Juragane / Abimanyu
wahyu kue mau jan jane lunga sedela mung nggo nggoleti sapa wonge sing pantes di nei wahyu

Wahyu ora asal menclok wahyu menclok maring wong sing pantes nerimane,
Wong sing nerima wahyu kue
Pikirane petruk nyamut nyamut mbuh maring jagad endi, petruk nelangsa kelingan abimanyu mati nalika perang bharata yudha, Petruk sing nggendong mayite abimayu,
petruk uga sing ngobong mayite juragane nuju alam mokshaya.
“pancen bener kawula/rakyat arep ana selawase sedenge raja ora bakal ana selawase nalika dadi raja mbutuhna kawula alit kaya kue uga ning alam wasana / alam keabadian raja nesih tetep mbutuhna kawula sampe raja nuju alam kesempurnaan.
nalika dadi raja, raja bisa mudun tahta tapi rakyat tetep dadi rakyat, kawula ora kabeh bisa dadi raja tapi kabeh raja bisa dadi kawula
“rakyat tanpo wates ratu kuwi winates”
(rakyat tanpa batas sedangkan raja memiliki batas)
Petruk mipil nyadari sapa kue kawula alit…
kawula / rakyat lah sing mbantu raja “wis kudu kudune utawa wajib raja ngregani kawula ngormati kawula lan ngopeni kawula, ora malah sewalike raja ngrebut dunyane rakyat, ngrampok dute rakyat, nipu rakyat lan seteruse,,
sejatine raja kiye dudu raja adong ora di pangku rakyat
sapa sing bisa mangku deweke ben dadi raja..?
seliane kawula alit ora bisa.
raja sing ora di pangku kawula kue raja sing “koncatan” / ditinggal wahyu
Tembunge petruk”

Tapi ana sebagian raja sing ora open maring rakyat lah kue primen mbah petruk..?

ning pewayangan ge ana raja sing lalim maring rakyate tapi tetep dadi raja
ya kuwe dasamuka lan duryudana sing serakah, kaya mung ana siji sijineng tahta ya kuwe tahta Palasara, bagena Duryudana dadi raja tapi duryudana ora bisa njagong ning tahta, kaya dene petruk nalika dadi raja, akeh penguasa nduweni tahta tapi sejatine penguasa kue mau ora tau bisa njagong ning dampar sing sejati ya kuwe rakyat.

Lemah kosong ning ngarepe Petruk ujug ujug moni panitisatra mipil sue mipil rosa…
“mbiyen tanah kosong kiye alas gung liwang – liwung  di panggoni singa
singa ngomong maring alas adong ora di jaga singa alas bakal entek di babat menungsa..
lan alas nyemauri, adong ko ora urip ning alas ko bakal di pateni menungsa…
ahire singa lunga sing alas,, sawise singa lunga sing alas singa di tangkep menungsa,,
alas sing wis ora ana singane di babat resik deng menungsa..”
Raja karo rakyat, ratu karo kawula kudu wengku – winengku, (saling memangku)  rangkul – rangkulan kaya Petruk karo Abimanyu, kaya alas karo singa.

Petruk nyemauri tembang Panitisastra 

0 komentar:

Post a Comment