Home » » Pamong

Pamong

1. Kang inyong arep njaluk pendapate..??

2. Pendapatan harian apa bulanan..??

1. Aja giri guyon kang lah..!!
Kye serius koh..!!

2. Ya wis..!!
Kayong penting kyeh..!!

1. iya koh kang..!!
Kye inyong ndueni kekarepan arep ndaptar pamong desa..
Ujare rika keprimen mbarah..??

2. Dadi pamong desa ya apik..!!
inyong arep melu takon..??

1. Iya kang monggo..

2. Rika ndaptar pamong desa wis di pikir dawa, di pikir sing mateng, aja grusa grusu..!!

1. Insya alloh wis kang..!!
Inyong wis mantep..!!

2. Kari ngomong mantep sg temenanan
Aja mung ning lambe tok tapi ning njero ati anapan
Pamong desa kwe ngopeni wong akeh,,
Ana sing seneng usul, ana sing seneng protes, sing paling akeh ya seneng MAIDO..!!
wiyagaeh siap ora..??

1. Wis mantep koh kang..!!

2. Kari wis mantep tah ya monggo..
Inyong tah prentah ya ora
Menging ya ora..
Keputusane ng tangane rika
Tapi kye tah nggo pertimbangan karo nggo pepeling kang..!!
Pamong utawa perangkat desa kye sing nggajih rakyat..!!
Tek baleni kyeh..!!
Pamong utawa perangkat desa kye sing nggajih rakyat..!!
Anjog ning kene rika mudeng..??

1. Mudeng kang..!!
Sejatine rakyat kye MAJIKANE inyong kang..!!

2. Kweh geneng rika anjog..!!
Rakyat kye majikane rika kang..!!
Mbok nganti rika ndue kesalahan maring majikan,
Kye angel njaluk ngampurane,
Lewih lewih rika nilep duit pajeg..
Urusane karo keringete wong akeh..!!

1. Iya kang kye nggo pengeling eling..

2. Umpamane yah..
Kye tah umpamane..!
Rika nyopet kye urusane karo wong sing di copet dong rika njaluk ngampurane gampang..!!
Urusane karo wong 1 tok
Lah adong rika nilep duit pajeg..?
Urusane karo wong akeh..
Siji nei ngampura sing liane durung tentu..!
Lewih lewih umpamane wong sing di jaluki ngampura kye wis mati..
Rika arep njaluk ngampura ning sapa..??
Kye tah umpamane..
Nyopet karo korupsi ya pada bae perkara ora becik aja di lakoni..!

1. Iya kang inyong ora arep nyopet tapi nggarong..!

2. Hahaha
Kye tah umpama rika aja jengkel kang..!!

1. Lah wong di takoni pamong desa malah butule copet..!!
Rika kari di takoni muter muter ora karuan..

2. Ya kaya kue sih jurusane..
Pamong desa ngreksa wong pirang pirang
adong rika ora tau gawe cacat rika ya bakal mulya uripe
Tapi adong rika polah..
Ya sing ati ati bae..
Rika gawe catu maring wong akeh..
Uripe rika kena supatane wong akeh..!!

1. Geneng rika malah gawe wedi ning inyong kang..??

2. Gawe wedi primen..??
Kabeh pegawean ana resikone..
Tukang macul ya bakal kepacul
Dolanan banyu ya bakal teles
Dolanan geni ya bakal keslomod
Sing paling penak ya kue mau tukang MAIDO.

1. Tapi pamong desa kan ngopeni wong pirang pirang yah kang..
Sejege rika urip ning desa kiye tau due pengalaman ora apik karo pamong desa ora kang..??

2. Tau lah primen sih..??

1. Pamong kue mau wis njaluk ngampura ning rika..??

2. Lah kiyeh..!!
Sing kadangkala ora di sadari karo pamong desa..!!
Inyong mau wis ngandani ning rika sejatine rakyat kye sing nggajih..!!
Malah pikirane rika anjog sejatine rakyat kye MAJIKAN.
tapi pamong sing ala..!!
ora due isin maring majikan..
Malah kadang kadang banget nyepelekna maring majikane..
Kye inyong cerita sing ala..
Pamong sing apik ya pirang pirang.

1. Kye inyong ahire mumet kang..!!
Njaluk pendapat malah inyong dadi wedi
mbok nganti inyong nyalaih majikan kang..!!

2. Lah inyong mau kan wis takon karo rika..
Rika wis mantep apa durung..??

1. Maune tah ya mantep kang..!!
Lah tapi rika kari ngomong kaya kue gawe inyong prindang prinding..!!

2. Adong dasare rika kelakuane bener..!!
Kerjane bener, ndueni tanggung jawab, lewih lewih niate dadi pamong kye niat ngreksa wong pirang pirang, ya monggo..!!

1. Rika dadi ndukung kang..??

2. Inyong tah mbodoakna..!!
Umpama rika wis dadi pamong rika siap siap bae tek jewer umpamane ndue kekeliruan..!!

1. Ya kue lah kang..
inyong siap di jewer..!!

2. Ya pancen kudu siap di jewer..!!
Wong pamong desa kye abdi masyarakat
Lah sing dadi majikan kan inyong sebagai rakyat..!!

1. Pamong ning desane dewek ana sing mambu wangi ora kang..??

2. Ana..!!
Wonge wis almarhum..
Bien nalika dadi pamong wonge banget ngati ati maring rakyate
Ana surat ya langsung di terna.
Duit pajeg ya beres.
Dapak ana timbangan bayi be rutin di siarna ning musola..!!

1. Sapa kue kang..??

2. Mengko adong ko wis dadi pamong 
Gari takon bae maring pamong liane.

1. Iya kang..!!

2. Wis mbok kye..!!
Inyong arep maring kantor..
Ngalis alisi galengan..!!

1. Mbayuh mangkat kang..
inyong melu ngrewangi mumpung nganggur..!!

2. Lah kaya kue..!!
Weruh majikane mangkat kerja abdi ne ngrewangi..!!

1 ha ha ha...
Inyong durung dadi abdi ne rika kang...!!!
Nembe calon..!!

0 komentar:

Post a Comment