Home » » SINAU BARENG BAB 3

SINAU BARENG BAB 3




SINAU BARENG BAB 3

BAB 3 ; ISTINJA LAN TATA KRAMANE
                                                                                    
Piwulang sajerone perkara – perkara Istinja
·         Mlebu WC nganggo sikil kiwa / kaki kiri  ( Tirmidzi )
*adong bisa tah nganggo alas kaki utawa sandal tujuane nggo ngindari najis ( imam Nawawi )
·         Sadurunge mlebu WC di sunahna maca donga

“allohumma inni audzubika minal khubutsi wal khobaitsi”
tegese ; Ya Alloh, aku berlindung kepada-MUdari gangguam syetan laki-laki dan perempuan
( Bukhari, Muslim)
·         Metu saka WC ngaggo sikil tengen / kaki kiri, terus maca donga ;

“ghufro naka alhamdulillahilladzi adhab anil adza wa afini”

tegese : “aku memohon anpunan-MU. Segala puji bagi alloh yang telah menghilangkan penyakit dariku dan telah menyembuhkanku” ( Tirmidzi, Nasai, Ibnu Majah )

·         WC iku tempat kumpule syetan, mudharat utawa kurang apik sue sue ng njero WC
umpama hajate wis bar cepet cepetmetu saka WC ( Nasa’i,, Ibnu majah )
·         Dianjurna nutup sirah nalika ng njero WC nalika ning njero WC lan nembe di buka nalika perlu nelesi rambut lan wis metu saka WC ( Ibnu Sa’ad )
- umpama ora nana penutup sirah di tutup nganggo lengen kaos utawa klambi ( Imam Nawawi )
·         Ng*s*ng utawa nguyuh buang air karo ndodok utawa jongkok, aja ngadeg
buang air ngadeg iku pada karo wong Yahudi lan Nasrani (Bukhari, Muslim, Abu Dawud, Nasa’I )
-cara beristinja duduk bertumpu ning nduwur sikil kiwa/kiri lan sikil tengen tegak ng nduwur
perkara kiye ndadikna najis metu lewih gampang lan ngistirahatna anggota awak kang utama, kayatah lambung , ginjal lan sapiturute (Imam Nawawi )
·         Istinja nganggo tangan kiwo, aja nyenggol kemaluan nganggo tangan tengen ( Bukhari, Nasa’I, Muslim, Tirmidzi )
·         Sunah ngirit /hemat banyu nganggo banyu sacukupe

·         Ngati ngati ng perkara cipratan banyu uyuh, lewih lewih nalika nguyuh ngadeg
akeh wong di siksa ng njero alam kubur, di sebabna ora ngati ngati nalika istinja,
lan ora sempurna nalika wudlu (Bukhari, Muslim, Ibnu Majah )
PERKARA PERKARA KANG DADI LARANGAN NING SAJERONE ISTINJA
·         Aja nggawa lafazh “Alloh” lan “Muhammad” utawa ayat ayat Al Qur’an nalika mlebu WC (Nasa’i)
·         Aja ng*s*ng Madep arah kiblat lan aja ngungkuri
ngadep seliana rong arah kue mau
oliih ngadep kiblat, umpama ng njero bangunan, perkara iki olih kajaba terpaksa ( darurat )
( Bukhari,Nasa’i, Tirmidzi)

- maksud ngadep utawa ngungkuri kiblat yoiku, nyingkapna qubul utawa dubul maring arah kiblat utawa ngungkuri. (Imam Nawawi )

·         Aja ngomong utawa berkomunikasi nalika ng njero WC (Abu dawud,Ibnu Majah)
- njawab salam nalika ana ng njero WC cukup nganggo isyarat (Imam Nawawi )
·         Aja beristinja nganggo balung utawa kotoran kewan, sababe kue mau panganane jin
·         Aja buang hajat cilik utawa gede maring lemah sing ana bolongane, sababe lemah sing bolong / berlubang tempate/umaeh jin,
Sa’ad bin Ubadah tau pernah mati di pateni deng jin gara gra nguyuh ning bolongan lemah
aja nguiyh ng tempat sing bisas nggo liwat wong
Tempat sing biasa nggo istirahat wong
tuk, utawa sumber banyu lan banyu sing mili ( Muslim, Tirmidzi )
·         Aja mangan, nyanyi, siul utawa singsot nalika ng njero WC sanajan ora lagi buang hajat utawa adus
·         Wong lanang ora olih weruh aurate wong lanang, wong wadon ya pada bae (Ibnu Asakir )
·         Makruh nguyuh ng tempat adus, kawatir sisa banyu uyuh kue mau kena awake wong sing adus
·         Aja ndeleng langit, aja ndeleng farjine utawa kotoran kang metu
makruh hukume nalika buang hajat ndopok utawa kanda kandahan
utawa di sambi lia – liane kayatah sms.an lan pesbukan… ( Muslim, Abu dawud )
·         Benda benda kang oleh nggo Istinja
·         Banyu, watu, kertas, lemah lempung, utawa lemah kang atos/garing
leih utama nggo banyu

·         Benda benda sing ora sah nggo Istinja


-benda benda najis utawa sing wis kena najis
-panganan menungsa
-panganan jin contoeh balung



Wallahu a’lam

0 komentar:

Post a Comment