Home » » SINAU BARENG BAB 2

SINAU BARENG BAB 2



Najis
Najis miturut bahasa tegese ; apa bae sing kotor
sedenge miturut syara’ tegese ; kotoran sing ndadekna ora sah’e solat
yoiku ; getih, lan banyu uyuh
 Ana 7 macem najis kang utama ;
1 Khamr lan banyu sing gawe mabok (Al – Maidah ; 90)
- apa bae sing gawe mabok kue Khamr, lan saben khamr kue haram  ( Muslim )
2 Asu / kirik lan babi ( Muslim, Daruqutni )
3 Batang / Bangkai yoiku batang kang matine ora di sembeleh nganggo cara  cara sing syar’i  ( Al – maidah ; 3 )
kajaba batang batang kang ora ora di hukumi najis
- yoiku batange menungsa utawa mayid sabab gusti alloh mulyakna menungsa (Al – Isra’ ; 70 )
- Sa’temene wong islam iku ora najis ( Muslim )
- Batang iwak kali / Laut
- belalang
di halalna 2 macem batang lan 2 macem getih
yoiku batang iwak lan belalang, lan getih ati lan anak limpa ( Ibnu Majah )
4 Getih sing mili, termasuk  nanah, sababe kotor  ( Al –An’am; 145)
5 Uyuh / kencing lan kotorane menungsa lan kewan  ( Bukhari, Muslim )
6 Bagian awak / tubuh kewan sing ucul saka kewan sing nesih urip
- apa bae sing ucul saka kewan kelebu batang ( Hakim )
- kajaba rambut lan wulu kewan sing halal di pangan dagine kelebu suci  (An Nahl ; 80)
7 susu kewan sing haram di pangan dagine, kayatah keledai
sabab hukum susu pada bae karo dagine . sedeng dagine kelebu najis
Macem’e Najis
-     Najis Mughallazhah ( berat ) yoiku najis,e asu / kirik lan babi
-     Najis Mukhaffafah ( rinngan ) yoiku uyuh bayi lanang kang durung mangan apa apa kejaba susu, lan durung berumur 2 tahun ( Bukhari, Muslim )
-     Najis Muthawassithah ( pertengahan ) yoiku najis seliane najise kirik lan babi, lan najis kejaba uyuh bayi lanang kang nesih minum susu.
yoiku uyuh menungsa berumur lewih saka 2 taun, kotoran kewan lan menungsa lan getih.
najis iki wajib di kumbah aja mung di ciprati bayu
ning ora wajib di umbah bolak balik, sepisan cukup asalkan rupane wis ilang sanajan diumbah mung sepisan
-     Najis kang di sepuro ( najis yang di maafkan )
cipratan banyu uyuh kang banget secuile sing ora bisa di deleng nggo mripat
secuil getih, nanah sing asale teka catu ( luka ) getih tuma, lemud, lan kotorane laler, sapiturute
asalkan najis kue mau dudu perkara kang di sengaja deng awake dewek
-     Getih lan nanah sing catu ( dari luka )
sanajan akeh ananging sarate ; saking awake dewek lan ora di sengaja
najis iku ora nglewihi batas batase
-     Kotoran kewan nalika meres susu
asalkan secuil lan ora ngrubah rasa lan warna susu
-     Kotoran kewan nalika manen buah – buahan
asalkan secuil lan ora ngrubah rasa lan warna buah kue mau
-     Kotoran iwak ning banyu
asalkan ora ngrubah rasa lan wujud banyu
-     Kotoran kewan kang menclok ning papan panggonan
kotoran kewan mau angel di indari, asalkan secuil
-     Getih kang nempel ning klambine tukang jagal / potong kewan
asalkan secuil
-     Getih kang nempel ning daging
asalkan secuil
-     Mulut bocah cilik kang kena najis muntahane dewek, nalika mimi ning ibune
-     Debu kang nempel saka dalanan
-     Batang kewan sing getieh ora mili kaya tah laler, tawon, lan semut
sarate kewan kue mau kejebur dewek lan ora ngrubah sifat banyu kang kelebon, rasa, rupa lan warna tetep ajeg. ( Bukhari )


Tata cara bersuci saka najis ning pakean, tempat, lan awak

-     Najis mughallazhah ; wajib di umbah ping 7  ( pitu )
salah sawijine di campur lemah sanajan ning pakean, awak, lan tempat
-     Najis mukhaffafah ; di ciprati banyu nganti rata di umbah lewih apik
-     Najis muthawassithah ; di umbah nganggo banyu kang mili
supayaha ngilangna bekase, ben sifat sifat najis kue mau ilang  ( rupa lan warna )
-     Kulit kewan seliane kirik lan babi ; di samak ( di rendem )
adong jaman saiki ya di kum nggo R*NS*
salubare di rendem wajib di umbah nggo banyu kang mili

wallahu a’lam
  
 

0 komentar:

Post a Comment