Home » » Bersyukur....!!!

Bersyukur....!!!


kaya wengi sg wis wis kang wasmad karo kang heri meluncur nggone ustad srugul
wong loro kue mau kaya dina dina biasane langsung kradakan ng pedangan gawe kopi
salubare kopi dadi kang heri karo kang wasmad langsung ndongas ng mburitan
panggonan sing biasa nggo jublegan ustad srugul nalikane ngentengna wengi
biasane tah  wong telu keu mau ndopok temekang esuk mendekati subuh
kang heri karo kang wasmad nembe ngucluk balik maring kandange dewek dewek
wengi kue padang wulan ndadikna kahanan nggo jagongan nambah betah lan sedep
wong telu kue mau nyeritakna persoalan urip  sing molai pilian RT temekang pilian PRESIDEN
mbuh apa bae sing di bahas ana perkara urip, ana perkara kematian
sing jelas wong telu kue mau pada seneng sinau bareng, tuker pikir lan tuker pendapat
Salubare nyruput kopi kaya biasane ustad srugul molai gelem cerita
wengi kue sing di bahas babagan urip ning alam dunya kye mung sawang sinawang
nyawang uripe kanca sing kepenak sejatine uripe kanca kue mau ya ora kepenak
akeh kurange nanging bisa nutupi kekuraangane mau mergane ora tau ngresulah

nyawang kang jamali sing ora tau susah, gunane bahagia, nanging sejatine
kang jamali kue wong sing pinter nutupi kekurangane sebabe selalu bersukur
di nei rejeki sepira bae kang jamali ora tau lali ngucap alkamdullillah

uripe kang jarkoni kayonge sempurna, sejatine kang jarkoni kue mau ya ora sempurna
nanging kang jarkoni gelem dadi menungsa sing apa anane
bahasa inggrise “nrimo ing pandum” ngrasa cukup karo  sing ana lan mensukuri
apa sing bae sing nesih di dueni

ora perlu iri karo rejekine tangga, batir, sedulur lan lia liane
sabab musababe inyong karo rika kye kadang – kadang ora ngerti rejekine ana ng ndi
tapi sing jelas rejeki kye ngerti, ngerti inyong karo rika lagi ana ng endi.
ora bakal  keliru, ora bakal kesasar
nesia kaling kalingan gunung, nyabrang laut, nyabrang pulo, pangeran wis mbagi
rejekine inyong karo rika pada.

Akeh akehe menungsa pada lali nggolet rejeki
kerja mangkat esuk balik wengi ana sing balik esuk maning
nyabrang laut, nyabrang segara, nyabrang pulo, kasab ng negarane tangga
kabeh dunya sing di kumpulna sejatine bakal di tinggal mati
hakekat rejeki kue sederhana, apa sing wis dinikmati lan di bagi karo dulur, karo tangga
lan karo wong wong sing ndueni hak mangan hartane inyong rika pada
kaya tah anak yatim lan wong jompo, bocah pekir, lan sapiturute.

ora perlu kawatir babagan rejeki, pangeran wis ngatur sajege awake inyong karo rika
nalika nesih ng njerone wetenge biyunge.

0 komentar:

Post a Comment