Home » » 4 PERKARA

4 PERKARA

                                                            PAPAT PERKARA


Wengi kue kaya biasane kang jamali jublegan nggone ustad srugul
seliane di batiri kang wasmad uga ana kang rohman 
ustad srugul sebagai tuan rumah gupuh nggawekna kopi karo ngetokna camilan
pancen wong telu kue mau kari ngendong ora ndeleng wayah
wis jam sewelas wengi nembe ngendong
ustad srugul di rewangi kang jamali nggawekna kopi lan ngetokna camilan
ustad srugul ora gelem nggugah yu isah sing wis ngiler
ustad srugul ngalaih ngggawekna kopi nggo tamune
tinimbang ngubrag ngubrag bojo sing wis terbuai alam mimpi

salubare kopi mau  wis dadi ustad srugul karo tamune pada dopokan
ngalor ngidul ora karuan parane ana kanda tani ana kanda politik
ana kanda batu akik lan sapiturute wong cerita
sing lagi madan anget ya kue cerita wadon perkarane tamune ustad srugul wengi kue sing nesih bujang ana loro ya kue kang rohman karo kang wasmad
kang rohman karo kang wasmad sing ndue hobi mancing
kaya – kaya lali ngasab senengane nyucrup ning kali karo ngudang walesan
adong wis metehel ning pinggir kali alias mancing kang rohman karo kang wasmad lali wayah

adong di gartekna ustad srugul banget ngajenine marang wong wadon
deweke ora gelem ngganggu istirahate wong wadon
alon alon ustad srugul molai cerita babagan wadon
4  menungsa sing bakal di tarik deng wong wadon mbesuk ning alam akerat
kang jamali karo kang wasmad lan kang rohman kayong serius ngrungokna
ustad srugul sing wis gelem cerita sing mengandung nasehat
ustad srugul adong di endongi jarang jarang gelem cerita sing ana petuaeh
biasane ya cerita ngalor ngidul alias pepesan kosong

papat menungsa kue mau jenis kelamine kabeh LANANG
tek baleni kang kyeh kang wasmad…
4 menungsa kue mau sekabeane LANANG..!!
ustad srugul negesna maring tamune

Sing pertama

Bapane / Ayah / Abi / Ramane

sapa wonge sing due celukan bapa ora nggartekna marang keadaan anak wadone ning alam dunya
ora nei sekabehe keperluan agama kaya tah mblajari solat, ngaji, puasa, lan sapiturute
ngejorna anak wadone ora nutup aurat nganggo pakean sing kaya wong landa
lah wong sing di undang bapa kue mau siap – siap bae di cawel deng anak wadone mlebu neraka.



Sing kaping pindo

Bojone / suaminya

sapa wonge sing wis mbojo lan ngejorna bojo/isteri ndueni polah sing ora karu karuan
seneng dangdan/berhias kanggo wong sing dudu muhrime
bagena wong lanang kue mau ahli ibadah ahli dikir ahli sedekah
ahli puasa solat ora tau ketinggalan, wis pokoke sippp menn anggone ngibadah
nanging mbesuk nang alam aherat bakal di tagih keprimen anggone ndidik wong wadon  alias bojo
wong lanang kue mau bakal ketarik umpamane bojone mlebu neraka


sing nomer telu

sedulur lanang

umpamane inyong karo rika ndueni adi utawa keponakan wadon
awake inyong karo rika kue nesih ndueni tanggung jawab
aja ngejor klowor marang adi utawa keponakan lewih lewih
adi utawa keponakan kue mau wadon utawa estri
sababe sedulur lanang kue mau ndueni hak menging lan nei nasehat
ndueni hak dadi wali umpama adi wadon kue wis ora ndueni bapa
utawa keponakan wadon kue mau wis ditinggal mati bapane
sabab sabab kue mau sing ndadikna sedulur lanang ndueni kewajiban ngelingna
menging lan “njewer” adi wadon utawa keponakan wadon
umpamane inyong karo rika rika pada ngejor klowor maring kahanane adi wdon utawa
keponakan wadon kue mau
inyong karo rika pada kudu siap – siap di tarik sedulur wadon kue mau ning alam aherat


kang kaping papat

anak lanang



umpamane anak lanang kaya inyong rika kang wasmad rika kang rohman
ndueni kewajiban ngelingna marang biyunge perkara tindak tanduk biyunge
sing seneng nggrendeng tangga ora wawuh karo tangga
lan perkara perkara sing ora becik liane
anak lanang kue mau kudu nggingetna maring biyunge
sababe wong tua wadon mau bakal narik anak lanange umpamane biyunge mlebu ng neraka
ngejak anak lanange nggo mbatiri ng neraka
inyong karo rika pada kudu ngati ati maring babagan sing kiye
umpamane inyong karo rika pada wis rumah tangga  lan misah karo wong tua
inyong karo rika pada nesih ndueni kewajiban nei pepeling marang wong tua
lewih lewih marang wong tua wadon




wis mbayuh kopine di sruput kang..

0 komentar:

Post a Comment