Semangat Kerja
Garise Ngurip
Salah sawijine dina banyu PAM nggone umaeh pimpinan –Mercedez
Benz- ora mili
Lah pimpinan – Mercedez Benz- ngarah gampange tek arani man Benz
Kaya kue bae ya lur,,
Geliseng cerita… man Benz kue mau nelpon tukang sing mbenerna
PAM
( tukang ledeng ) sing di tidokna deng batire man Benz kue mau,,
jere batire man Benz kue pegaweane tukang ledeng kue mau beresmen pokokelah lan
bisa di andelna.
Tut… tuttt…. Tuttt….
(Suara telpon lur)
Man benz kue mau kanda kandahan karo tukang ledeng
Tukang ledeng kue mau nyemayani bisa nggarap pipa ning umaeh man
benz rong dina maning, soale deweke lagi akeh pegawean sing kudu di rampungna.
Man benz setuju.
Dina esuke….
Tukang ledeng kue telpon maring man benz ngucapna matur nuwun wis
gelem nunggu deweke.
Esuke maning tukang ledeng kue teka salubare ngecek pipa lan lia
–liane deweke usrek umek mbenerna pipa sing ora mili.
Geliseng cerita pipa wis oke, kran miline lancar tukang ledeng
kue pamit maring man Benz
Sawise medang karo nampa duit tukang ledeng kue mau ngucluk
balik.
2 Minggu Seteruse..
Tukang ledeng sing arane man Christopher L. Jr kue mau banjur nelpon maring man Benz, nakokna
pipa ning umaeh man benz kue mau beres apa ora..?
Ya mung mastikna pegaweane deweke kye bener apa ora mbok menawa
ana sing bocor, apa ora mili..
intine kaya kue lurrr…!!
Lur,,,
apa sing di lakokna man chritopher L. Jr kue mau jan jane
perkara sing lumrah lan wajar lan kayong ora ana istimewane, ngucapna matur
nuwun maring pelanggan gelem nunggu
telpon maring pelanggan ngecek pegaweane dewek kye beres apa
ora.
Lantaran perkara – perkara sing katone kayong sepele kue mau Man
Christopher di kon kerja nggone man Benz. Man Benz ora nyana tukang ledeng sing
katone pegaweane ora mbejaji kue mau banget opene/ngrumat maring pelanggan.
Man Christopher kue mau ya ora ngerti umah sing pipane ora mili
kiye umaeh pimpinan perusahaan mobil kelas dunia.
Man benz dewek seneng maring pegaweane man Christopher sing jeli
lan setiti tur ngati ati
Lah,, sing dadi pitakonan kiye man Christopher kue mau kon kerja
apa..?
Apa dadi tukang ledeng ning pabrik, apa tukang ngepel, apa dadi
satpam..??
Ora lurrr,,,,
Man Benz ngrekrut man Christopher kue kon dadi Customer Mercedez
Benz
Tujuane ya kue mau,, ben sing due mobil Mercedz Benz kye puas di
layani man Christopher. Kaya man Benz puas di layani man Christopher nalika
mbenerna pipa.
Man Christopher kue ora nyana deweke bakal dadi pegawe nong
pabrik kelas dunia
Deweke ora nyana lan ora ngira gara gara pelanggan puas maring
kerjaane.
Pegaweane man Christopher sing anyar kye jan jane langka kaitane
karo pegaweane deweke sing lawas,, ya kue tukang ledeng
Mung rasa tanggung jawab maring pegaweane, rasa sing pengin gawe
pelanggan puas kue sing marekna man Christopher kerja ning perusahaane man
Benz.
Karire man Christopher mletik duwur saiki deweke dadi General
Manager Satisfaction and Publik Relation ning Mercedez Benz
Loncatan sing luar biasa duwure sing tukang ledeng dadi manajer.
Apa bae pegaweane ko kye ora penting
Sing paling penting ko gelem setiti maring pegaweane ko
Rejeki wis ana sing ngatur
Ko ora ngerti wayaeh karo carane pangeran nei rejeki sing gede
maring ko
(Mbah Kaji Nur)
Comments
Post a Comment