Home » » Eling karo Waspada

Eling karo Waspada

ELING KARO WASPADA

Nyeti makna tembung “eling karo waspada”
Ora setitik wong ning lingkungane inyong khususe wong sing sepuh sering nei tembung kiye lur… 
Tembung utawa “kata” sing katone sepele lan ora ana maknane tur langka gunane
Tapi adong gelem nyeti tembung kiye akeh makna lan pepeling maring inyong karo rika pada
Eling ; tegese emut utawa kelingan utawa sadar awake dewek ora kenang apa –apa
Bisa bereaksi maring perkara perkara sing di alami awake dewek, sing liwat mata, liwat pengrungon utawa kuping, pengrasa, cungur, lan pengucap. ( panca indra )
Tembung eling kiye mau nduweni kekarepan inyong karo rika supaya ‘mawas diri’
Secara harfiah kiye kurang lewieh inyong karo rika ben eling terus maring pangeran utawa gusti alloh, eling pangeran ngawasi inyong karo rika saben dina, inyong karo rika di tuntut supaya ngati – ati nindakna apa bae,, mbuh ucapan mbuh kelakuan lan lia – liane..
Tembung “eling” banjur di gandeng karo tembung  “waspada”
Waspada maring pikiran waspada maring tindak – tanduk sing bakale mbalik maring awake dewek, ning kene perlune inyong karo rika ben ngati ati sebabe apa sing di ucap lan di lakoni bakal olih walesan/balasan, (aksi – reaksi )
Sesepuh lan leluhure dewek kiye menungsa – menungsa sing banget cerdase
Apal maring hukum alam hukum sing nandur bakal panen, sing obah bakal mamah.
Sing panas gigire bakal adem wetenge.

“ dong ko due ilmu sing gawe sebab kanca batir akeh sing seneng maring awake ko
Ko aja gagahan aja gemagus aja ngrasa paling pinter, aja sombong, sebabe adong pangeran utawa gusti alloh njikot ilmu kue mau
ko bakal dadi menungsa sing ora ana bedane karo liane lan ajine awake ko kiye ora lewih apik utawa mulya sing godong gedang garing/klaras”

lima panca indra kue mau adong ora di ati – ati  (ora eling karo waspada)
bakal ndadikna inyong karo rika dadi menungsa sing gampang jengkel alias ‘esmosian’
dadi menungsa sing gampang wadeh maring perkara-perkara sing ora di senengi dewek
nggoleti alane kanca batir, sing ahire gawe urip ora tenang, gawe batin nggrungsang lan ahire gawe ora apik maring awake dewek. Sebabe ora becik/ ora apik /ala/cilaka kiye awale sing awake dewek lan ahire mbalik maning maring awake dewek.

Lurr….
Mbayuh pada ‘eling karo waspada’
Mbayuh pada ginau ora nduweni sifat iri lanmeri apa maning drengki ben bisa mahami lan nglakoni maknane tembung ‘eling karo waspada’



Orat – oret

Padange ati

0 komentar:

Post a Comment