Home » , » facebook 3

facebook 3

Gawe pesbuk 3

Kyeh lanjutane lurrrr…

Bar sholat Duhur…..

“ustad Srugul di demo lan di paido deng masyarakat..”
Gara gara nyetel lagu rege ning mushola alias langgar.
“Tad,, ente jan jane waras apa ora sih…?
Sing bener bae tad,,,!!!
Lagu ora karu karuan di setel ning langgar..!!!”
karjo mucu mucu lambene njubris nganti 12 senti..
“mbok neng kapan anu takon takon disit rah tad,,,
aja maen setel setel bae…!!”
Ki darmo ngimbuih ucapane karjo.
“Inyong njaluk ngampurane sedulur…
Inyong salah maen percya bae maring suroso karo anbadrus..”
Ustade nei penjelasan maring warga lagu sing di setel kue mau anu di nei ding Suroso karo Anbadrus.
“ aja di baleni maning kweh tad,,,,”
Ki darmo nei nasehat maring ustad srugul..
Ustad srugul menahan angkara murka stadium 4
Gara gara polaeh bocah loro kwe deweke di omaih sing kana sing kene.
Jam 1 awan ustade meluncur maring umaeh suroso karo nahan emosi sing arep mbledug kaya gunung merapi sing di jaga deng mbah Marijan.
“so…!! So….!!!! Suroso…!!!!!
Ustade gendoakan ngundang suroso ning arep lawang,,,
“dih njenengan nong tad,,,
Ujarku lah sapa,, ora kaya biasane logog logog gendoakan
Biasane tah njenengan uluk salam mbok tad,,,”
Sarinah bojone suroso ngelingna marang ustade sing raine di tekuk
Nahan emosi maring suroso.
Anu nah,,, surosone ana belih…?
Ustade madan klicupan isin di protes deng sarinah.
“Kwe tad,, mas surosone langka lagi maring keser winduaji
Ngomonge tah njikot motor  lunga miki tad, karo mas badrus.”
“Kira kira balike jam pira nah..?”
“Mbuk kweh tad,, soale ora mesti kadang sore, kadang awan, kadang ya wengi,
Lah njenengan mbok due no hp ne mas suroso ora njajal di telepon disit tad…”
Sarinah nei saran lan ngelingna maring ustade.
Ustad srugul sing wis dugal campur kesuh ora kelingan telepon maring suroso karo anbadrus ndisit.
Ustade ngucluk balik sewise nelpon maring suroso karo badrus tapi loroneng ora aktip hp ne.
“Ya wis nah…
Inyong tek pamit,, punten di sampekna maring bojomu inyong tes sing kene,,
Oiya mbari nitip pesen mengko adong  bojomu wis balik di sampekna mengko lubar isa inyong arep mene.
Assalamualaikum,,,”
Ustade kiye tah ora kelalen uluk salam maring bojone suroso.
“Waalaikum salam..”

                    Lubar isya



“asalamualaikum…”
Ustad srugul uluk salam
“waalaikum salam…
Njenengan tad,,, monggo mlebu…”
Sarinah mbukakna lawing nggo ustade.
Njagong tad,,,
Anu nah,, bojomu wis balik,,?

“Wis tad,, lagi adus..
Mengko tek omongna..
Ustad Srugul njagong mbari nahan gemremet maring suroso.
Dina kiye marem di kerjani deng Suroso karo Anbadrus.
Suroso metu mbari cengengas cengenes kaya ora due dosa maring ustade.
“So ente jan jane menungsa apa dudu..?
Inyong dina kiye marem di kerjani ente..
Ana kon maraing KUA, kantor polisi, puskesmas nuruti kelakuane ente sing badeg…!!
Sing gawe inyong medegel kye,, kon nyetel lagu ora pakrak ning musola..
Inyong di demo wong sepedukuhan kyeh…!!!”
Sarinah bojone suroso nahan gemuyu nganti kebelet pipis,,
Deweke tah wis paham tingkah polaeh bojone,,
“Wis tad lah,, inyong njaluk ngampura,,,
Anu bae nok,, gawekna kopi nggo ustade,,,”
Suroso prentah maring bojone.
“Iya mas,,,”
Sarinah meluncur maring dapur mbari cegigas cegigis nahan gemuyu krungu ustade di kerjani deng Suroso.
“Si badruse kon mene so,,,
Inyong durung marem adong durung ketemu badrus,,,”
“Wis lagi ning dalan tad,,,
Dela maning ge butul..”
Ora let sue badrus teka.
“Mene kyeh drus… inyong arep ngomong karo ente…”
“Ngomong apa sih tad,, “
“gyeh badrus karo ente suroso..
Kwe inyong njaluk tulung njaluk tulung karo ente ente pada,,,
Kari gawe tandang polah aja kenemen,,,”
Suroso karo badrus cengengas cengenges tok..
Ora let sue sarinah metu nggawa kopi karo pisang goreng.
“Kopine tad,,”
Sarinah nawani kopi maring ustade,,
“mbayuh tad,, kopine di iling ning lepek,,
Ben cepet di ombe,,”
Suroso nawani ning ustade,,,
“Toli kwe pisang gorenge di cawel tad,,,
Gedang raja nangka kweh,, sedep men nggo mbatiri kopi,,”
Lubar ngiling kopi ning lepek suroso nyuled rokok,,
Kiye kaya kiye tad,,, inyong karo Suroso njaluk ngampurane lah..
“ngampura ngampura ndasmu…!!”
Ustade nesih emosi tapi mbari ngademna kopi ning lepek.
“anu tad,, pesbuke rika wis ana potone durung…?”
Badrus nyoba ngibur ustade,
“Ya durung ana mau awan durung sempet di nei poto
Inyong langsung mene dugal maring ente ente pada.”
“Mbarah mene hpne tad,, ngko tek nei poto.
Ustade nekna hp maring suroso
Bar nekna hp tangane nyawel pisang goreng.
“kiye arep dinei potone sapa tad,,,?
Rika apa bojone rika apa anake rika..?”
“Apike primen mbarah…?
Pesbuke Ente sih potone sapa drus,,,?”
Ustade wis molai legowo.
“Inyong tah potone anake tad,,,
Suroso tah ya potone dewek.”
“Kuwe adong di nei potone inyong apik ora yah,,,”
“ya apik apik bae tad…
Poto sing ndi kiye tad sing arep di pasang…??”
“kue bae poto sing ning ngisor wit pelem,,
Sing ana inyong karo bojo lan anak…”
“kiye apa tad,,,?”
Suroso nidokna potone.
“Cocok kweh…!!!”
Ustade setuju..
“Kyeh tad,, ws ana potone…”
“Kiye terus kaya apa maning so…?”
“Kiye sing nganggo updet status tad,,,
kiye sing nggo komentar,,,,
Kiye sing nggo menambahkan teman tad..”
Kiye ente wis berteman karo inyong lan badrus tad,,,”
“Wis gari gawe status rah tad,,,”
Badrus nei saran maring ustade.
“status apa yah..?”
Ya bodoa ente tad,,,

      Kyeh status ustad srugul



“hooorrreeeeeee inyong wis due pesssbbbuuuukkkkkk….!!


( habisssssss… 

0 komentar:

Post a Comment