Do'a Mengusir Genderuwo
Do’a mengusir Genderuwo
Kedadian iki wis liwat ana se wulan sing kepungkur..
Jan jane kedadian iki ana ning wulan puasa alias wulan
Romadon sing wingi
Wulan sing penuh magfiroh lan mafruhan lan mardiyah..
He he he..
Sekitar jam 3 wengi bocah bocah pada gugah gugah nangikna
wong sing nesih pada turu ben saur
Kegiatan gugah gugah wis dadi kebiasaan bocah lembutan alias
bocah cilik
Jan jane kegiatan kiye ya langka sing prentah alias
mengkoordinir
Kaya wis dadi kewajiban kegiatan rutin pendak malam Romadhon
Seliane ngisi buku kegiatan Romadhon sing di tugasna deng
guru agama
Ronda alias gugah gugah dadi kegiatan bocah bocah ning desa
Kretek
Termasuk Baridin keponakane inyong
Bagena umure nesih 5 tahun tapi Baridin selalu terdepan dong
wayaeh gugah gugah
Saur saur saur…!!!
Baridin aktip ben wengi melu ronda karo bocah bocah
seumurane.
Sing di tabuh mbuh apa bae ana jarigen, ana botol bekas
sirup marijan, ana kentongan ana blik bekas roti Kong guan ana ember lahhh…
pokoke lengkap kaya jajanan pasar
Suarane ya belih karu karuan babar blas ora kepenak.
Tapi yong arane ge bocah utawa lare alias durung ana nalare
Wong tua ya ora pada ngluruih apa maning nglarang..
Malah wong tua ya pada ndukung maring kekarepane bocah
bocah.
Salah sawijine wengi keponakane inyong balik jam 4
Raine abang ireng ora karu karuan kaya lubar weruh iblis
Baridin cerita jere lubar weruh wong gede duwur ning
karangan.e ki Madrais
Karangan alias kebone ki Madrais pancen terkenal madan
angker lan jiss
Inyong dewek ya madan
prindang prinding adong liwat kono dewekan tah..
Pancen wis kerep sing di weruih genderuwo ning karangan kue.
Baridin lapor marang bapa lan biyunge
Deweke lubar weruh wong gede duwur rambute gondrong lan
untune dawa dawa.
Inyong ya kur mbatin ndean tah kue sing arane genderuwo
Mahluk alus sing manggon ning karangane kaki Madrais
Mahluk sing ora gelem di usir deng ustad Muheri
Ustad sing kaya ning tipi tipi sok “memburu hantu”
Baridin cerita mahluk kue mau wedi marang deweke sawise
deweke ndonga.
Inyong ya madan penasaran karo donga sing di waca deng
keponakane.
Kayong manjur temen dongane Baridin
Baridin maca donga kiye lurr…
“allohuma bariklana fima rozaktana wakina adabanar…”
Inyong ya ngomong kuwe tah neng donga arep madang mbok
nang..?
“iya ommm..”
Baridin semaur lugu alias apa anane.
Inyong mbatin ndean tah Genderuwo mau wedi marang Baridin
gara gara arep di pangan deng keponakane inyong.
Lah kweh buktine bar di wacakna donga arep madang
Genderuwone kaburrrr….
Comments
Post a Comment