Home » , » Serat Wulang Sunu Pupuh I

Serat Wulang Sunu Pupuh I


SERAT WULANG SUNU PUPUH I KARYA
PAKUBUWONO  IV

SERAT WULANG SUNU
PUPUH I
                                                                              
1.     Wulang sunu kang kinarya gendhing, kang pinurwa tataning ngawula, suwita ing wong tuwane, poma padha mituhu, ing pitutur kang muni tulis, sapa kang tan nuruta saujareng tutur, tan urung kasurang-surang, donya ngakir tan urung manggih billahi, tembe matine nraka.
2.      Mapan sira mangke anglampahi, ing pitutur kang muni ing layang, pasti becik satemahe, bekti mring rama ibu duk purwa sira udani, karya becik lan ala, saking rama ibu, duk siro tasih jajabang, ibu iro kalangkung lara prihatin, rumeksa maring siro.
3.      Nora eco dahar lawan ghuling, ibu niro rumekso ing siro, dahar sekul uyah bae, tan ketang wejah luntur, nyakot bathok dipunlampahi, saben ri mring bengawan, pilis singgul kalampahan, ibu niri rumekso duk siro alit, mulane den rumongso.
4.      Dhaharira mangke pahit getir, ibu niro rumekso ing sira, nora ketang turu samben, tan ketang komah uyuh gupak tinjo dipun lampahi, lamun sira wawratana, tinatur pinangku, cinowekan ibu nira, dipun dusi esok sore nganti resik, lamun luwe dinulang.
5.       Duk sira ngumur sangang waresi, pasti siro yen bisa rumangkang, ibumu momong karsane, tan ketang gombal tepung, rumeksane duk sira alit, yen sira kirang pangan nora ketang nubruk, mengko sira wus diwasa, nora ana pamalesira, ngabekti tuhu sira niaya.
6.      Lamun sira mangke anglampahi, nganiaya ing wong tuwanira, ingukum dening Hyang Manon, tembe yen lamun lampus, datan wurung pulang lan geni, yen wong durakeng rena, sanget siksanipun, mulane wewekas ingwang, aja wani dhateng ibu rama kaki, prentahe lakonano.
7.      Parandene mangke sira iki, yen den wulang dhateng ibu rama, sok balawanan ucape, sumahir bali mungkur, iya iku cegahen kaki, tan becik temahira, donya keratipun, tan wurung kasurang-kasurang, tembe mati sinatru dening Hyang widhi, siniksa ing Malekat.
8.      Yen wong anom ingkang anastiti, tan mangkana ing pamang gihira, den wulang ibu ramane, asilo anem ayun, wong tuwane kinaryo Gusti, lungo teko anembah iku budi luhung, serta bekti ing sukma, hiyo iku kang karyo pati lan urip, miwah sandhang lan pangan.
9.      Kang wus kaprah nonoman samangke, anggulang polah, malang sumirang, ngisisaken ing wisese, andadar polah dlurung, mutingkrang polah mutingkring, matengkus polah tingkrak, kantara raganipun, lampahe same lelewa, yen gununggungsarirane anjenthit, ngorekken wong kathah.
10.  Poma aja na nglakoni, ing sabarang polah ingkang salah tan wurung weleh polahe, kasuluh solahipun, tan kuwama solah kang silip, semune ingeseman ing sasaminipun, mulaneta awakingwang, poma aja na polah kang silip, samya brongta ing lampah.
11.  Lawan malih wekas ingsun kaki, kalamun sira andarbe karsa, aja sira tinggal bote, murwaten lan ragamu, lamun derajatiro alit, aja ambek kuwawa, lamun siro luhur, den prawira anggepiro, dipun sabar jatmiko alus ing budi, iku lampah utama.
12.  Pramilane nonoman puniki, dan taberi jagong lan wong tuwa, ingkang becik pituture, tan sira temahipun, apan bathin kalawan lahir, lahire tatakromo, bathine bekti mring tuhu, mula eta wekasing wong, sakatahe anak putu buyut mami, den samya brongta lampah.



Ringkesan


 ning surat wulang sunu  bagian I sing di tulis deng Paku Buwono IV nyeritakna pengorbanane wong tua, tata carane bakti maring wong tua, kabeh sing ditulis ning surat kuwe kudu di perhatikna karo dilakoni, sebabe dong di jor bakal dadi sengsara ning dunya apamaning ning akherat mengkone dong mati bakale mlebu neraka. Tapi adong di waca karo di pahami apa sing wis ditulis ning surat kuwe mengkone bakal bakti maring wong tua.Pengorbanane mama karo bapa nggo anak kiye banget gedene, contoeh pengorbanane mama lagi anake mesih cilik, mama kiye ngrumat anak nganti arep mangan karo turu ora kepenak, nganti mangan sega di tutul uyah tok mung nggo nelesi gulu, mama ngedusi karo ngumbaih pakeane, turune mama ya kur sekreyepan, anake ngising ya di cewoki nganti bersih, esuk sore ngedusi, ya ndulangi. anake umur 9 wulan lagi rewel - rewele mama pegaweane mung ngurusi anake sing nembe bisa mbrangkang, kabeh di lakoni karo ikhlas terus ora njaluk balesan sing anak, kuwe pengorbanane mama maring anake,mulane adong wis gede pada bakti maring wong tua. dong mengko ndableg maring wong tua bakal di bendu deng gusti alloh, sebabe gusti alloh kiye maha ngerteni, dong seneng ndableg maring wong tua, mbesuk dong mati balik dadi geni, dong durhaka mengko bakalan di siksa. mulane dadi anak kye aja nganti kaya kue, sing apik kye nurut adong di prentah, aja mbantah, apamaning nglawan maring wong tua, rugi ning dunya karo aherat, mbesuk dong mati mesti di siksa deng malaikat. wis dadi kewajibane anak ngormati wong tua kaya ngormati gusti alloh. duwe tata krama maring wong tua karo ngibadah maring gusti alloh, nggo bocah bocah nom sing pada sombong, kelakuane sekarepe dewek, seneng pamer, ora due tata krama, karo sing seneng polah maring batir karo tanggane, kuwe aja nganti di tiru. sebabe bakal di tengeri deng wong akeh, mulane kudu sing ati ati aja nganti nglakoni sing salah, terus kudu di perhatikna dong njaluk apa apa aja nganti nyusahna maring won tua, awke kudu di jaga, dong dadi wong cilik aja cilik atine, dong dadi wong gede aja sombong, kudu sabar, duwe tata krama, kudu perek karo wong tua,kuwe mau kelauan sing nomer siji, pelajaran sing apik kye kudu di gartekna lair batin aja kelalen ngibadah maring gusti alloh supaya uripe ora rekasa.









sumber : alangalangkumitir.com

0 komentar:

Post a Comment