Keong..!!!
1. Sarkawi..!! Ko lagi mikiri apa..?? Kucel temen kue rai kaya duit sewu jujulan cilok..!! 2. Mbuh kang lah..!! Inyong lg banget sukere..!! Ngadepna bojo lairan Gawe bpjs durung dadi Utang ng warung wis rendang reang Wis kaya kue nyambut gawene lg prei..!! 1. Lah kue sih ko geneng masalaeh pepek rupek kaya jajan pasar..!! 2. Iya koh kang..!! Pegawean ya lagi banget sepine..!! Wis seminggu lewih nganggur kejegur. Oia kang..!! Mbarah mbok ana pegawean inyong di cangking. Kena kena nggo nyambung urip..!! 1. Adong niatmu nyambut gawe kur nggo nyambung urip ya bakale kelakon..!! 2. Maksude primen kang..?? 1. Kabeh mau kelawan niat..!! Niatmu nyambut gawe nggo sangu ibadah, Ngopeni keluarga, lewiane nggo umroh karo tuku sawah ya bakal kelakon..!! 2. Ya kang..!! Kari kur nggacor tah ya kepenak..!! Ning kenyataane ora kaya kue kang..!! Inyong dewek ya ndueni kekarepan munggahna kaji wong tua loro, mertua, kakang, adi lan sedulur kang..!! Tapi ya kaya kue kang.....